Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 42
20–21 dari 206
192–201 dari 2.057
03.019 kumêpyur Kyai Satami[1] | ikang èstri dharodhogan | ura linyok ujar ingong | mau ingsun ajak lunga | Ki Satomi angucap | aja akèh dira muwus | padha asrah ing jewata[2] ||
03.020 kunêng gadhèk[3] èstri prapti | hèh tibalaning[4] naledra | manira kinon têtakèn | dening ta tigas kawuryya[5] | sapa ta aranira | miwah pinăngka ing pukur[6] | lan punapi sêdyanira ||
03.021 dika matur ing nêrpati | kula jalma Sukapura | pun Satomi aran ingong | puniki somah kawula | tanpa wêkas ijir ingwang [[f. 23r]] |[7] mila kawula anglangut | angulari nayakèng rat ||
03.022 ikang yogya mutêr bumi | mila kawula asowan | ayun ngabakti wiyose | têdahing dewa bathara | ing Galuh ana nata | mangke sumăngga sang prabu | lah nyai dika turêna ||
03.023 gandhèk èstri sampun bali | wus katur salampahira | kinèn anibali age | tan dangu prapta ngajêngan | adoh ingawe nata | kinèn parêk dènnya luguh | ngabakti sumukêm pada ||
03.024 abukuh kajêm[8] ing siti | tan kawasa ningalana | saking cahya karatone | ing jaja murub apadhang | Ki Satomi tan kilap | angandika sang aprabu | hèh pajara karyanira ||
03.025 purwa madya seba mami | Ki Satami apranata | sinuwun mula-mulane | kawula tiyang baruthal | kala dahuru jaman | ana[9] putu ămba agung | tur sami gagah prakosa ||
03.026 samya ămba parentahi | mêmaling begal angêtal | miwah ba kèn nukup mangke | ikang tan anut kawula | dadya ulun kèringan | tanpa wêkas pikir ulun | rêmbagan kawula kesah ||
03.027 angulati Nata Jawi | kang yogya sinêmbah kathah | pa karana sira mangke | nora ngago[10] bêbênêran | pupuh rosa kewala | sawab batên watên ratu | sapa sitên ngadilana ||
03.028 mulane sira ngulati | ratu sira wus wibawa | têka enak tanpa katong | sapa rosa masthi mênang | batên pikir kawula | bulah si têdhaking atu[11] | anêdya dadya [[f. 23v]] |[12]|
20–21 dari 206

 


Satomi (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.19.1). (kembali)
jawata (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.19.7). (kembali)
gandhèk (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.20.1). (kembali)
timbalaning (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.20.2). (kembali)
kawuryan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.20.4). (kembali)
pungkur (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.20.6). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: tanpa wêkas jir ingwang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.21.5). (kembali)
konjêm (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.24.1). (kembali)
anak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.25.6). (kembali)
10 nganggo (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.27.4). (kembali)
11 ratu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.28.6). (kembali)
12 Kurang tiga suku kata. Bandingkan: anêdya dadya nalendra (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.28.7). (kembali)