Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 42
21–22 dari 206
203–212 dari 2.057
| 03.030 | yèn awèta tanpa adil | amasthi patyan-pinatyan | nagri Jawa risak kabèh | punika pikir kawula | mila ba adra pêjah | amoyang ngulati ratu | wangsit dewa kinèn suwan || |
| 03.031 | dhumatêng sri narapati | mangke sumăngga ing karsa | ngujukakên[1] pêjah ingong | pun dasih darma lumampah | manjinga ing dahana | ambyura sagara agung | angragoh[2] lak-lakan naga || |
| 03.032 | yèn pangandika nêrpati | igih pun dasih lumampah | iya sun tarima mangke | apa têmên aturira | anulya aprasêtya | siya-siya wus kagugu | sira sun angkên wong tuwa || |
| 03.033 | gêgêntine yayah bibi | ingsun lola alit mila | anuwun sangêt ajrihe | sumukêm anèng butala[3] | anênêdha ing dewa | tulusa ta ratuningsun | wis bapa sira muliha || |
| 03.034 | kupulna sakèh wong bumi | miwah anak putunira | padha tibalana kabèh | padha wismaa ing praja | sarupane wong Jawa | ratanên ikang barênjul | Satomi nêmbah mit kentar || |
| 03.035 | datan kawarna ing margi | Satomi prapta ing wisma | wus kumpul anak putune | jinarwan yèn alèh[4] karya | wus duwe ratu wigya | jumênêng ngadhaton Galuh | bagus sakti mahabara || |
| 03.036 | mituhu nak putunèki | pan sampun rêmbag sadaya | satêngah maido tyase [[f. 24r]] | kiyai puniku bobab | kapanane anaa | wingi ingsun amèt kayu | ing Galuh pan maksih alas || |
| 03.037 | nanging kawijila wêdi | dadya anurut sakarsa | kang têbih wus prapta kabèh | lêlampahan tigang dina | dukap lakon sapasar | myang lakon sadasa dalu | kang liya nora sawala || |
| 03.038 | dukap lakon têngah sasi | sacăndra prasamya prapta | kang barênjul rata kabèh | samya jrih dening pawarta | bang kulon sampun rata | wus pêpak sagamanipun | Ki Satami nulya bubar || |
| 03.039 | sowan dhumatêng sang aji | anak putune sadaya | bayong[5] saanak dharane | miwah rajadarbenira | wong cili têngga wisma | datan kawarna ing ênu | wus prapta Galuh nagara || |
21–22 dari 206
| 1 | ngunjukakên (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.31.3). (kembali) |
| 2 | angrogoh. (kembali) |
| 3 | buntala (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.33.4). (kembali) |
| 4 | olèh (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.35.4). (kembali) |
| 5 | boyong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |