Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 42
22–23 dari 206
218–227 dari 2.057
| 03.045 | samya tumukul ing siti | ulap cahya kadya surya | murub muncar nèng jajane | lakung suka sri narendra | angandika hèh bapa | iku kabèh nak putumu | igih punika sadaya || |
| 03.046 | iya akèh sun tingali | bapa liwat sun tarima | iku arsa ngabdi ingong | lah mara aprasatyaa | samya atur prasatya | pan sampun katur sadarum | wismanira dhawak-dhawak || |
| 03.047 | myang kang cêlêk lan kang têbih | tanapi kang nugil desa | kang cêlak têbih tidake[1] | kalakung suka sang nata | nulya dipun prayoga | prasamya jinujung luguh | ikang anama dipatya || |
| 03.048 | miwah răngga lan ngabèi | dêmang arya pandêlêgan | kandhuruan dhamaine[2] | kang ginawe lura[3] kathah | tinata jro lan jaba | apa saadating ratu | pan sampun pêpak sadaya || |
| 03.049 | Satami jinujung ligih | sampun anama dipatya | ing Sukapura wismane | kinèn nguwisi parenta[4] | dadya pêpatih nata | kasrah dhêdhak mêrangipun | tan nguningani narendra || |
| 03.050 | anak putune amukti | Dipati Bojanagara | lan Dipati Badhung[5] rane | Dipati Parakan Muncang | lan Dipati Ciancang | ing Cianjur ki tumênggung | ing Cipaku nama dêmang || |
| 03.051 | ing Cikosèl ki ngabèi | Adipati [[f. 25r]: Adipa...ti] Parayangan | Tumênggung Ciamis rane | Gunung Jali aran raga[6] | tanah Nusyakambangan | putra istri madêg ratu | prabu rara iku wadat || |
| 03.052 | nora akarsa akrami | balane sami wanodya | Nusyatambini arane | ing kono tanna wong lanang nang |[7] prabu rara punika | putranira sang aprabu | ing Galuh kala supêna || |
| 03.053 | wus karsa dewa kang luwih | tinampan Sang Kamadhalal[8] | tinitah anèng ing kono | mila sakti mahabara | êna kang winarna |[9] bumi sawetaning Galuh | Dipati Tirtakancana || |
| 03.054 | miwah Adipati Mêsir | lawan Tumênggung Salinga | Adipati Panjêr mangke | Ki Ngabèi Prabaliga[10] | Dêmang Nusyabarambang | ikang alit tan kaetung | nama ngabèi lan arya || |
22–23 dari 206
| 1 | tindake (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.47.3). (kembali) |
| 2 | Dhamoine (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.48.3). (kembali) |
| 3 | lurah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.48.4). (kembali) |
| 4 | parentah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.49.4). (kembali) |
| 5 | Bandhung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.50.3). (kembali) |
| 6 | răngga (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.51.4). (kembali) |
| 7 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing kono tanna wong lanang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.52.4). (kembali) |
| 8 | Kamadhala. Bandingkan: kamandhala (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.53.2). (kembali) |
| 9 | Kurang satu suku kata: ênêngna kang winarna. (kembali) |
| 10 | Prabalingga. (kembali) |