Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 42
23–24 dari 206
222–231 dari 2.057
03.049 Satami jinujung ligih | sampun anama dipatya | ing Sukapura wismane | kinèn nguwisi parenta[1] | dadya pêpatih nata | kasrah dhêdhak mêrangipun | tan nguningani narendra ||
03.050 anak putune amukti | Dipati Bojanagara | lan Dipati Badhung[2] rane | Dipati Parakan Muncang | lan Dipati Ciancang | ing Cianjur ki tumênggung | ing Cipaku nama dêmang ||
03.051 ing Cikosèl ki ngabèi | Adipati [[f. 25r]: Adipa...ti] Parayangan | Tumênggung Ciamis rane | Gunung Jali aran raga[3] | tanah Nusyakambangan | putra istri madêg ratu | prabu rara iku wadat ||
03.052 nora akarsa akrami | balane sami wanodya | Nusyatambini arane | ing kono tanna wong lanang nang |[4] prabu rara punika | putranira sang aprabu | ing Galuh kala supêna ||
03.053 wus karsa dewa kang luwih | tinampan Sang Kamadhalal[5] | tinitah anèng ing kono | mila sakti mahabara | êna kang winarna |[6] bumi sawetaning Galuh | Dipati Tirtakancana ||
03.054 miwah Adipati Mêsir | lawan Tumênggung Salinga | Adipati Panjêr mangke | Ki Ngabèi Prabaliga[7] | Dêmang Nusyabarambang | ikang alit tan kaetung | nama ngabèi lan arya ||
03.055 răngga dêmang adhamoi[8] | atanapi pandêlêgan | iku wisma praja kabèh | anulya sang nata mêdal- | akên ingkang saosan | dhêdharan lan mantrinipun | sukan-sukan pagêlaran ||
03.056 warata dhatêng pakathik | wus wanuh nata ngandika | bapa bubarêna kabèh | padha tataa pomahan | kondur sri naranata | mugah pêpagungan[9] dulu | utabe[10] kang wadyabala ||
03.057 bubar wadyabala alit | miwah kang sikêp gêgaman | kadya samodra syarane | utabe lir wardu oga[11] | kadêbêging lumampah [[f. 25v]: lu...mampah] | syaranipun kadya kêtug | lare syarane lir gêrah ||
03.058 kadya udan sinêmèni | syarane rêbat pomahan | sampun ata wong kabèh |[12] Adipati Sukapura | mantuk ing kapatihan | miwah dipati tumênggung | mantuk dalêm sowang-sowang ||
23–24 dari 206

 


parentah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.49.4). (kembali)
Bandhung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.50.3). (kembali)
răngga (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.51.4). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing kono tanna wong lanang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.52.4). (kembali)
Kamadhala. Bandingkan: kamandhala (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.53.2). (kembali)
Kurang satu suku kata: ênêngna kang winarna. (kembali)
Prabalingga. (kembali)
andhamoi (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.55.1). (kembali)
pêpanggungan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
10 untabe (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.56.7). (kembali)
11 ăngga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.57.4). (kembali)
12 Kurang satu suku kata. Bandingkan: sampun atata wong kabèh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.58.3). (kembali)