Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 42
18–19 dari 206
177–186 dari 2.057
03.004 mêngko wus jumênêng aji | nanging durung madêg nata | nganti wadya panjujunge | nanging nora nana wikan | benjang wruh têmu dadya | sapa angarani ratu | yèn nura pamuji wadya ||
03.005 iku patut kabaktini | wruhanira iku benjang | anurunkên para katong | turun ping pat nuli rêka | panjênêngan mangetan | wis lumakua dèn gupuh | taka[1] Galuh asebaa ||
03.006 nadyan têngahing wanadri | yèn wis patang puluh dina | amasthi katon kuthane | besuk sira dadya wraka[2] | sakèh nak putunira | dadya nayaka sadarum | saturun-turuning nata ||
03.007 sira ikang momong bènji[3] | wis poma aja pêpeka | kagyat Ki Satomi age | lan garwa mijil sing guwa [[f. 22r]] | ngulona murang dalan | wus wus prapta alas ing Galuh |[4] têka seba têngah wana ||
03.008 kêta[5] sadhupuh awêdi | lir kadi pepe naledra[6] | alêrêsi[7] satêngahe | waringin kurung gèn lênggah | lan garwa nora obah | yèn dalu akèh karungu | nanging nora piniyarsa ||
03.009 wus kauningan sang aji | jangkêp kawan dasa dina | wus kawadaka kuthahne[8] | nagari Galuh katingal | jêmbar lun-alunira | wringin midêr têpinipun | rata rêsik sinaponan ||
03.010 singasanane angapit | sitigil[9] binata pêthak | asangkêp têtandurane | basal[10] pangrawit wus ana | ngêndhêng kang bagêr[11] bata | wantilan gêdhogan agung | gajah jaran sami pêpak ||
03.011 saupacara nêrpati | nora nana kaliwatan | sakapraboning kadhaton | sampun apêpak sadaya | cara-cari nagara | ngiwa têngên kang lêlurung | arêsik lir sinaponan ||
03.012 padalêmaning pêpatih | myang pemahaning bupatya | miwah umahing wong akèh | anurut lurung agêmah | kali gêng ngèri nganan | pasir wukir jêmbar patut | nagara Galuh apelag ||
03.013 patut kadhaton nêrpati | Ki Satomi lir supêna | iki baya kapanane | dhingin uni tan katingal | anging wana kewala | mêngko kadhaton kadulu | wraksa gêng nagari lama ||
18–19 dari 206

 


têka (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.5.7). (kembali)
wrăngka (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.6.4). (kembali)
benjing (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.7.1). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: wus prapta alas ing Galuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.7.6). (kembali)
têka (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.8.1). (kembali)
nalendra (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.8.2). (kembali)
anglêrêsi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.8.3). (kembali)
kuthane (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.9.3). (kembali)
sitinggil (dan di tempat lain). (kembali)
10 bangsal (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.10.4). (kembali)
11 pagêr (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.10.5). (kembali)