Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 42
23–24 dari 206
230–239 dari 2.057
| 03.057 | bubar wadyabala alit | miwah kang sikêp gêgaman | kadya samodra syarane | utabe lir wardu oga[1] | kadêbêging lumampah [[f. 25v]: lu...mampah] | syaranipun kadya kêtug | lare syarane lir gêrah || |
| 03.058 | kadya udan sinêmèni | syarane rêbat pomahan | sampun ata wong kabèh |[2] Adipati Sukapura | mantuk ing kapatihan | miwah dipati tumênggung | mantuk dalêm sowang-sowang || |
| 03.059 | tanapi kang para mantri | wus atata padalêman | têka angêsupi bae | kurang jalma luwih umah | pasar agêng wus dadya | kathah wong ngalèh angidhung | nagring[3] ing Galuh wus gêmah || |
| 03.060 | wus kurak ing tanah Jawi | Sang Nata Galuh punika | jlêg tanpa sangkan jênênge | purwane norana wikan | kadhatone têtiban | prabu sakti tan apujul | barang kang cinipta dadya || |
| 03.061 | kawarta sakèh nagari | ikang lakon dasa dina | sasasi wus mirsa kabèh | samya ajrih kumawula | lor kidul kilèn wetan | ingutusan samya rawuh | ajrih norana sawala || |
| 03.062 | Cirêbon nama dipati | adipati ing Jakarta | Tumênggung Karawang mangke | adawa lamun winarna | sapangilèn mangetan | Tandhês Balambangan Wangsul | sumawita kumawula || |
| 03.063 | Bugis Makasar prasami | Tranete padha aseba | Timur Banjar Bima mangke | punika [[f. 26r]: puni...ka] ikang kawilang | tan wikan kang akathah | kilèn Batên[4] watêsipun | ing Lampung lan Sokadana || |
| 03.064 | Polembang Jahor lan Jambi | Labok[5] Patani aseba | Salebar Mandar ta mangke | Salot Sadhong Ngure prapta | puniku kang kawilang | miwah nagri ing Trangganu | kang tan dhatêng linurugan || |
| 03.065 | sadaya anukul sami | asrah bulupitènira[6] | mring Prabu Galuh idhêpe | samana gêmah raharja | murah sarwa tinubas[7] | tulus kang sarwa tinandur | tan ana darbèk kang ilang || |
| 03.066 | nagari aloh jinawi | pasir awukir ajêmbar | akathah kalangênane | ing dharat miwah ing toya | pasisir lawan arga | enak wong cili sadarum | sang nata agung kasukan || |
23–24 dari 206
| 1 | ăngga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.57.4). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sampun atata wong kabèh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.58.3). (kembali) |
| 3 | nagri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.59.7). (kembali) |
| 4 | Bantên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.63.6). (kembali) |
| 5 | Lombok (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.74.2). (kembali) |
| 6 | bulupêtènira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.65.2). (kembali) |
| 7 | tinumbas (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.65.5). (kembali) |