Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 42
24–25 dari 206
234–243 dari 2.057
| 03.061 | kawarta sakèh nagari | ikang lakon dasa dina | sasasi wus mirsa kabèh | samya ajrih kumawula | lor kidul kilèn wetan | ingutusan samya rawuh | ajrih norana sawala || |
| 03.062 | Cirêbon nama dipati | adipati ing Jakarta | Tumênggung Karawang mangke | adawa lamun winarna | sapangilèn mangetan | Tandhês Balambangan Wangsul | sumawita kumawula || |
| 03.063 | Bugis Makasar prasami | Tranete padha aseba | Timur Banjar Bima mangke | punika [[f. 26r]: puni...ka] ikang kawilang | tan wikan kang akathah | kilèn Batên[1] watêsipun | ing Lampung lan Sokadana || |
| 03.064 | Polembang Jahor lan Jambi | Labok[2] Patani aseba | Salebar Mandar ta mangke | Salot Sadhong Ngure prapta | puniku kang kawilang | miwah nagri ing Trangganu | kang tan dhatêng linurugan || |
| 03.065 | sadaya anukul sami | asrah bulupitènira[3] | mring Prabu Galuh idhêpe | samana gêmah raharja | murah sarwa tinubas[4] | tulus kang sarwa tinandur | tan ana darbèk kang ilang || |
| 03.066 | nagari aloh jinawi | pasir awukir ajêmbar | akathah kalangênane | ing dharat miwah ing toya | pasisir lawan arga | enak wong cili sadarum | sang nata agung kasukan || |
| 03.067 | panjênêngane wus lami | tansah mukti ing asmara | prabu anèng jro kadhaton | anedra lan pramèsyara | sri nata asupêna | tinurunan dewa luwung | pinaringan babrêkatan || |
| 03.068 | awarni bêdhil kêkalih | warnanipun lakung pelag | Yyang Pramana andikane | kaki ku bêdhil pusaka | têtidhihing nagara | pan iya turun-tumurun | kang dadi nata ngagoa || |
| 03.069 | poma kaki kang nastiti | pêpêtinên[5] kang sajata[6] | wis karia ingong mulèh | kagyat wungu sri narendra | gêgêtun jroning nala | de katon ing sawahyanipun |[7] nora kadi wong supêna [[f. 26v]] || |
| 03.070 | dyadya[8] kasmaran sang aji | supênanira katingal | kang gar matur ngrajèng |[9] kaka ji wontên punapa | kèndêl tan arsa dhahar | datan anedra yèn dalu | punapa kang dadi manah || |
24–25 dari 206
| 1 | Bantên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.63.6). (kembali) |
| 2 | Lombok (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.74.2). (kembali) |
| 3 | bulupêtènira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.65.2). (kembali) |
| 4 | tinumbas (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.65.5). (kembali) |
| 5 | pêpêtrinên. (kembali) |
| 6 | sanjata (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.69.2). (kembali) |
| 7 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: de katon sawahyanipun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.69.6). (kembali) |
| 8 | dadya (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.70.1). (kembali) |
| 9 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: ikang garwa matur rajèng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.70.3). (kembali) |