Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 42
24–25 dari 206
240–249 dari 2.057
| 03.067 | panjênêngane wus lami | tansah mukti ing asmara | prabu anèng jro kadhaton | anedra lan pramèsyara | sri nata asupêna | tinurunan dewa luwung | pinaringan babrêkatan || |
| 03.068 | awarni bêdhil kêkalih | warnanipun lakung pelag | Yyang Pramana andikane | kaki ku bêdhil pusaka | têtidhihing nagara | pan iya turun-tumurun | kang dadi nata ngagoa || |
| 03.069 | poma kaki kang nastiti | pêpêtinên[1] kang sajata[2] | wis karia ingong mulèh | kagyat wungu sri narendra | gêgêtun jroning nala | de katon ing sawahyanipun |[3] nora kadi wong supêna [[f. 26v]] || |
| 03.070 | dyadya[4] kasmaran sang aji | supênanira katingal | kang gar matur ngrajèng |[5] kaka ji wontên punapa | kèndêl tan arsa dhahar | datan anedra yèn dalu | punapa kang dadi manah || |
| 03.071 | yèn watêna sisip mami | kawula nêdha apura | yèn watên kakarsakake | kakang ji angandikaa | kula ikang ngupaya | nora bisa kakang prabu | paduka kèndêl kewala || |
| 03.072 | angandika sri bupati | yayi isun nora duka | punapaa kakang katong | alama tan arsa dhahar | mêngko yayi sun pajar | kala Gara Kasèh ingsun | supêna dewa tumêdhak || |
| 03.073 | aparing barkatan bêdhil | loro kèhe luwih pelag | pangandikaning Yyang Manon | nya iki kaki pusaka | tidhih nagara Jawa | run-tumurun bêdhil iku | darbene kang dadi nata || |
| 03.074 | wis pêpatinên kang bêdhil | dewa ilang ingsun kagyat | ikang dadi manah ingong | pan nora kaya supêna | yayi ujaring dewa | sawahyane ipèn isun | iku kang dadi grah nala || |
| 03.075 | ngêndi alèh ingsun bêdhil | kang kaya ipèn manira | dening apelag warnane | iku ikang dadi manah | dhuh kaka ji sapala | ngupadosa igih antuk | jamak wong nedra supêna || |
| 03.076 | ora yayi dadi ati | yèn ta katêmu pèn iwang | amasthi lastra ingong |[6] yèn makatên kakang nata | pun patih tinibalan | ngupulêna para êmpu [[f. 27r]] | damêla ikang sanjata || |
24–25 dari 206
| 1 | pêpêtrinên. (kembali) |
| 2 | sanjata (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.69.2). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: de katon sawahyanipun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.69.6). (kembali) |
| 4 | dadya (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.70.1). (kembali) |
| 5 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: ikang garwa matur rajèng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.70.3). (kembali) |
| 6 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: amasthi palastra ingong (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.76.3). (kembali) |