Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 42
165–166 dari 206
1.650–1.659 dari 2.057
31.015 Dipati Dêmak sru runtik | hèh kabèh padha balia | tan angrasa sira kabèh | yèn sira têbusan iwang | sun kêthoki ta sira | mring Senapati Matarum | wadyanira samya mangkat ||
31.016 wong têbusan nora kari | padha sêdya ngamuk sira | saking wêdine gustine | Ki Gêdhong ngamuk wong Pajang | kathah kanin myang pêjah | wus untung karoban mungsuh | Ki Gêdhong sampun palastra ||
31.017 sampun karsani Yyang Widi | salaminira tinitah | tan pasah dening brajane | aningali Senapatya | lamun Ki Gêdhong pêjah | adhuh pawong sanak ingsun | dening ta nuli pralaya ||
31.018 durung wruh raose iki | banyu lawan sêganiwang | kasêlak ngêmasi mangke | lah sasabana lêlicak[1] | Senapati dyan mangsah | datan atêbah Ki Juru | kalawan para sêntana ||
31.019 kinarutug dening bêdhil | tan gumingsir Senapatya | kadi pinrada jajane | pan dadi pêpaèsira [[f. 151v]: pêpa...èsira] | Senapati ngandika | apa si kang sira rêbu[2] | sira kapati milu prang ||
31.020 pan dudu jamanmu iki | sira pan wong têtêbusan | padha lumayua kabèh | sira padha mardikaa | sakarsa-karsanira | wetan punika gustimu | adipati ing Banawa ||
31.021 sakèhe kang para mantri | kalawan wong têtêbusan | prasami lumayu kabèh | angusi lawang kang wetan | Senapati Anglaga | malêbêt ing alun-alun | prasami anitih kuda ||
31.022 anêkung luhuring wajik | pan kadi wong asupêna | mêrêm punika lampahe | wong Kudus lawan wong Dêmak | niba tangi lumayya | pangrasane dipun amuk | mring Senapati Anglaga ||
31.023 kèh mati de gamannèki | wadya Pajang sampun sirna | Kya Juru pangandikane | Ki Bayi kêna punapa | wong aprang têka nedra | mêsahira sampun larut | Senapati angandika ||
31.024 saking kawula puniki | nora sêdya angrusaka | mring sultan anak putune | Ki Bayi wus karsaning Yyang | pakanirèku darma | anurut karsa Yyang Agung | wontên tên ta kaum satugal |[3]|
165–166 dari 206

 


1 lêlincak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.18.4). (kembali)
2 rêbut (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.19.6). (kembali)
3 Lebih satu suku kata. Bandingkan: wontên ta kaum satunggal (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.24.7). (kembali)