Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
33 dari 42
175–176 dari 206
1.746–1.755 dari 2.057
33.016 ayun-ayunan kocap Susunan Ngarga | wus ingaturan uni | lamun wong Mataram | nêgih angêpung Japan | wong wetan samya nulungi | anèng ing Japan | ayun-ayunan jurit ||
33.017 Pangran Giri utusan kaum sadasa | sarya amandhi tulis | adan sami mintar | duta prapta ing Japan | mondhok satêngahing baris | Prabu Mataram | wau dipun utusi ||
33.018 wong agung wetan kabèh samya ngutusan [[f. 160v]: ngutu...san] | anulya samya prapti | raja ing Mataram | lan Pangran Surabaya | bupati pêpêkan sami | duta ing Arga | sigra dènira aling ||
33.019 hèh Senapati Ngalaga ing Mataram | Dipati Surabanggi | lan sakèh bupatya | ing bang wetan sadaya | ingutus sang maha yakti | amawa surat | pirsakêna ing mangkin ||
33.020 pan winaca surat dalêm mring utusan | ngarsane pra dipati | mawi salam donga | mring Senapati Nglaga | tuwin Pangran Surabanggi | myang kèh bupatya | kapidhone sirèki ||
33.021 arêp apa ting gathini yun-ayunan | sisip angrusak jalmi | lamun sira aprang | masthi kathah wong pêjah | lah ki jêbèng ing Matawis | lan Surabaya | pilihên salah siji ||
33.022 isi lan wadhah poma ayya na aprang | iku pilihên sami | Senapati Nglaga | andhêku nêkêm sirah | mirsa andikaning gusti | saryya ngandika | lah punapa ing kapti ||
33.023 adhi Surabaya ikang pangandika | Kajêng Sinuwun Giri | andika piliha | isi lawan wêwadhah | kagea kang kari-kari | dadi wasiyat- | ira Jêng Sunan Giri ||
33.024 lah ta adhi amiliha dhingin iwang | sayakti angarèni | Pangran Surabaya | ewuh nukmèng ing driya | sun piliha wadhahnèki | isine ika | kaduwe Senapati ||
33.025 paran têmah pasthi suwung kang nagara | kaduwe wonge sami | dening Senapatya | ngur sun miliha jalma | angandika Senapati | kadi punapa [[f. 161r]] | suwe dika tan angling ||
175–176 dari 206