Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34–35 dari 42
178–179 dari 206
1.776–1.785 dari 2.057
| 34.012 | Senapati angandika | Adisari ingsun tudi[1] | manjinga Madiyun sira | dèn bisa-bisa mèt ati | dèn bangkit sira nini | sarta gawa surat isun | paès nyandhanga endah | yèn wus katur surat mami | alah yayi bejang gêganjaran iwang || |
| 34.013 | Adisari matur nêmbah | nadyan tumêka ing pati | kawula batên lêgana | wus paès Ni Adisari | asring agawe brangti | kang adulu padha wuyung | sapolahe araras | dhasaripun parêk ati | wong utama ing têmbung mijil asmara || |
| 35. Mijil | |
| 35.001 | Senapati angandika aris | balanira kinon | angiringa ing Adisarine | asaosa tandhu lan jaline |[2] pun Warung acawis | jalu[3] lawan tandhu || |
| 35.002 | sira [[f. 163r]: si...ra] gawaa wong kawan dasi | pilihana kang wong | dèn prayitna ngiring Disarine | yèn wong wetan padha nênakoni | warahên sun apti | nukul mring Madiyun || |
| 35.003 | datan sêdya amusuha jurit | kalawan sang katong | kang sinêmbah ing Madiyun mangke | lawan sira Disara[4] sun wêling | yèn ginibang[5] dening | para putranipun || |
| 35.004 | sanadyan nini ta sri bupati | lakonana kang wong | sajabaning parimana bae | anging aja têka ing sayakti | nêmbah nuwun amit | jinuli[6] lumaku || |
| 35.005 | sêratira tansah dipun pandhi | ulês taluki jo | panginangan anèng ing ngayune | kalih wêlas sami ulês kuning | kacu mas tanapi | bakor mas sing ngayun || |
| 35.006 | lan paidon ngling ati Disari | upama sang katong | nora kênaa sun gebang[7] mangke | baya doh wong wadon tan kawarni | ing Madiyun prapti | gawok kang andulu || |
| 35.007 | wong bang wetan samya anakoni | pan sakathahing wong | kang jinali nrajang baris gêdhe | upacarane sri anauri | Warung wruhanèki | Senapati nukul || |
| 35.008 | mring Sri Bupati Madiyun iki | datan sêdya mangkong[8] | amusuh prang wong bang wetan kabèh | samya angling iku Senapati | angrasa yèn cili | milane anukul || |
178–179 dari 206
| 1 | tuding (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 34.12.2). (kembali) |
| 2 | Biasanya guru lagu i. Bandingkan: asaosa tandhu lawan joli (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 35.1.4). (kembali) |
| 3 | joli. (kembali) |
| 4 | Disari. (kembali) |
| 5 | ginêbang. (kembali) |
| 6 | jinoli. (kembali) |
| 7 | gêbang. (kembali) |
| 8 | mangko (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 35.8.2). (kembali) |