Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 42
177–178 dari 206
1.766–1.775 dari 2.057
| 34.002 | Raja Madiyun angucap | mring sakèhe para mantri | mangkene ta karêp ingwang | lah adhi ing Ponaragi | kaya apa ing nguni | Senapati ing Matarum | saya angabra-abra[1] | karêpira ngosak-asik | angrata nusya Jawa yèn dika rêmbag || |
| 34.003 | igih wong agung bang wetan | padha winarahan sami | ngucap Dipati Ponraga | sakarsa tuwan lumiring | anulya suka tulis | Ki Adipati Madiyun | dhumatêng Surabaya | Pangalasan wus lumaris | sampun mulih Adipati Ponaraga || |
| 34.004 | wong Madiyun mêpak bala | wong desa samya acawis | wong Madiyun kathah migat[2] | mring Pajang dipun jabêli | anêgih nora kêni | wong Ponaraga wus kumpul | sadandanan ngayuda | kocapa ing Surabanggi | pan sineba duta ing Madiyun prapta [[f. 162r]] || |
| 34.005 | atur tulis wus tinampan | winaca dhapur tur uning | kularsa nglurug Mataram | lah jangandika bantoni | Pangeran Surabanggi | ngandika ja walang kayun | ingsun nora lumampah | wus pracaya ki dipati | lan si paman Adipati Ponaraga || |
| 34.006 | undhang wadya Surabaya | wus pêpak nulya lumaris | nanging ta mantri kewala | duta sampun pinisalin | Pangeran Surabanggi | duta mring bang wetan iku | sakathahing bupatya | pakupulan nèng Kadhiring[3] | samya mondhok sadaya kilèn bangawan || |
| 34.007 | kocapa Raja Mataram | sineba ing para mantri | para putra myang sêntana | Măndaraka anèng ngarsi | kajiman tur uning |[4] lamun wong wetan sadarum | arsa gêcêk Mataram | ngandika Raja Matawis | lah ta kakang Măndaraka undhangana || |
| 34.008 | Pathi Dêmak Kalinyamat | lan wong ing măncanêgari | patêmona Jagaraga | kinongkonan samya cawis | Mataram mêpêk baris | Majêgan Kajoran kumpul | jawi Taji barisnya | miwah wong Pajang acawis | Adipati Măndaraka akèn bububar |[5]| |
| 34.009 | wus badhol wadya Mataram | prapta nagri Jagaragi | apan samya pakupulan | wus bubar tangara muni | sauran sampun prapti | mondhok [[f. 162v]: mondho...k] kilèn Kali Dhadhung | Dipati Măndaraka | matur kadapudi[6] aji | batên nyabrang kilèn kali ngling sang nata || |
| 34.010 | kakang isun nora arsa | padha rêrakaha[7] sami | ucapên wadya bang wetan | mondhok wetaning banawi | barise wong Matawis | nging lêt bangawan winuwus | sang nata ing Mataram | ngling kang Madaraka kadi- | pundi wartane Madiyun Panaraga || |
| 34.011 | kawula amirsa warta | barisipun tan anugil | pan dadi pangawat kiwa | wong Madiyun dèrèng mijil | punapa karsa aji | kakang midêla karuwun | ana da manira |[8] ya ta ngandikani sêlir | Adisari marenea dèn aegal || |
177–178 dari 206
| 1 | angămbra-ămbra (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 34.2.7). (kembali) |
| 2 | minggat. (kembali) |
| 3 | Kadhiri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 34.6.8). (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: kajinêman tur uning. (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Adipati Măndaraka akèn bubar (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 34.8.9). (kembali) |
| 6 | kadipundi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 34.9.8). (kembali) |
| 7 | rêrangkaha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 34.10.2). (kembali) |
| 8 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ana daya manira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 34.11.7). (kembali) |