Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
37 dari 42
185–186 dari 206
1.844–1.853 dari 2.057
37.011 putri Madiyun kalangkung asih | dhatêng Senapati Ingalaga | apan wus lipur manahe | sih-sinihan kalangkung | pan sadalu tutug karonsih | ya ta kawarna enjang | sineba sang prabu | pêpak sêntana bupatya | para mantri Măndaraka mugèng ngarsi | Dipati Pathi seba ||
37.012 pan aduwe pangrasa ningali | mring kang raka sanès warnanira | kadya pangantèn sêmune | amicara ing kalbu | kaya ngapa kang Senapati | tan arsa abubaran | lawas nèng Madiyun | iya dhèwèke akrama | ingsun tan bêtah nora gawa pawèstri | nulya apêpamitan ||
37.013 kakang kula nuwun amit mulih | wartanipun Pathi wontên mêngsah | wingi sore ing praptane | duta ngaturi wêruh | gih pun bojo ikang anuding | kula kinèn mantuka | lah ing mangke nuwun | mantuk dhumatêng Santênan | alah yayi yèn kêna ja age mulih | yèn Pathi ana mêngsah ||
37.014 iya benjang ingsun kang nglampahi | Adipati Santênan amaksa | nuwun duka arsa mulèh | angandika sang prabu | alah iya karsanirèki | lamun sira tan kêna | kudu maksa mantuk | Dipati Pathi wotsêkar | udurira lajêng bubar èsmu runtik | lampahe gêgancangan ||
37.015 Senapati Ngalaga sira ngling | mring wadya lirna Ki Măndaraka | wruhanira ing karsane [[f. 168v]] | Dipati Pathi iku | balik arsa mêngsah Matawis | matur Ki Măndaraka | puna liripun |[1] ngandika kados punika | kakang uwis karsani Yyang Maha Suci | apa kang winicara ||
37.016 mêko ingsun arsa anglampahi | marang Pasuruan lah bubarna | wong Mataram gêgamane | bêndhe Ki Bicak ngukung | sigra bubar gaman lir ardi | Senapati nèng wutat | Pasuruan rawuh | Senapati masanggrahan | kawarnaa Pasêdhahan Ki Dipati | rêmbag ar[2] nukula |[3]|
37.017 ngrasa tan kawawi nadhahi |[4] têpa palupine wong bang wetan | apikir ja rusak wonge | sadaya sami rêmbug | wontên bupatine sawiji | playon sing Balambangan | Kanitèn ranipun | matur kula batên rêmbag | kula purun amungsuh ing Senapati | angadua karosan ||
37.018 sagêndhinge pan kawula wani | angadua sapucuking tubak | tandhinga tose kulite | lan kathah sanggupipun | dèn tontona prang kula benjing | sakèh wong Pasuruan | aja na kang milu | turuna surak kewala | sajêg kula urip dèrèng wruh rasaning | ing sêga kang sun têdha ||
37.019 anging kuknir[5] kang kawula bukti | bokmanawa nora kadi ingwang | Senapati digdayane | tan kacangking murdèku | Senapati dening sun iki | lawase kula sêdya | make parêng pangguh | yèn mêngkono isun pasrah | marang sira sarupane wadya mami | apa ta karsanira [[f. 169r]: karsa...nira] ||
37.020 iya nora milu-milu mami | Kanitèn tur sêmbah dèn pracaya | ngeca-eca nèng purane | suwarèng bala agung | adandana tontonên mami | padha jurungên surak | ingsun aprang pupuh | lawan Senapati Nglaga | sigra bubar kocapa Ki Senapati | sineba dening wadya ||
185–186 dari 206

 


1 Kurang satu suku kata. Bandingkan: punapa liripun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.15.7). (kembali)
2 arsa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.16.10). (kembali)
3 Kurang satu suku kata. Bandingkan: rêmbag arsa nungkula (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.16.10). (kembali)
4 Kurang satu suku kata: ngrasa datan kawawi nadhahi. (kembali)
5 kunir (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.19.1). (kembali)