Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
37 dari 42
184–185 dari 206
1.839–1.848 dari 2.057
37.006 lunyu malèrèd Ki Senapati | tinalêmpak sangêt nora pasah | malah putung talêmpake | ya ta migah [[f. 167v]: mi...gah] jinêm rum | mudhun saryya anarik kêris | Gumarang wastanira | anulya Ki Juru | Senapati dipun candhak | lah Ki Bayi andika dèn ngati-ati | yèn sisip gawe răngdha ||
37.007 yèn paksanên iku bêbayani | kris ku uga tanna wong bujana | kèndêl nèng lawang sang rajèng | Senapati aluguh | saryya ngrungrum angasih-asih | prayitna sing têbihan | akathah winuwus | awone wadya Mataram | kang ginupit winoran asmaragami | nor asrah jiwa raga ||
37.008 têka anglês manahe sang dèwi | myarsa andikane Senapatya | marlêsu tanpa jiwane | anyêkêl dhuwung rutuh | Senapati ika ningali | dhuwunge sampun gigal | marani sang prabu | kang dhungwung[1] ligan cinandhak | dipun sarungakên ingage tumuli | sinandhing sang dyah rara ||
37.009 sarya ngandika dhuh gusti mami | nora nyana dhuh yèn asih dika | dhatêng kawula nah agèr | marga saking ing dhuwung | lah ing mangke dhuwungmu yayi | sun rani Si Gupita | dening marganipun | sira asih mring manira | sang dyah midêl cêngêng gêtun ta[2] nauri | maksih karasa-rasa ||
37.010 Panêmbahan tansah ngarih-arih | pan adangu dènnya angrêrêpa | malah surup kang srêngenge | wus nikah sang aprabu | kang sêntana pêpêkan pragi | bala nèng pagêlaran | syarane gumuruh | Senapati Ingalaga | mapan maksih angimur-imur ing rabi | akathah [[f. 168r]: aka...thah] yèn winarna ||
37.011 putri Madiyun kalangkung asih | dhatêng Senapati Ingalaga | apan wus lipur manahe | sih-sinihan kalangkung | pan sadalu tutug karonsih | ya ta kawarna enjang | sineba sang prabu | pêpak sêntana bupatya | para mantri Măndaraka mugèng ngarsi | Dipati Pathi seba ||
37.012 pan aduwe pangrasa ningali | mring kang raka sanès warnanira | kadya pangantèn sêmune | amicara ing kalbu | kaya ngapa kang Senapati | tan arsa abubaran | lawas nèng Madiyun | iya dhèwèke akrama | ingsun tan bêtah nora gawa pawèstri | nulya apêpamitan ||
37.013 kakang kula nuwun amit mulih | wartanipun Pathi wontên mêngsah | wingi sore ing praptane | duta ngaturi wêruh | gih pun bojo ikang anuding | kula kinèn mantuka | lah ing mangke nuwun | mantuk dhumatêng Santênan | alah yayi yèn kêna ja age mulih | yèn Pathi ana mêngsah ||
37.014 iya benjang ingsun kang nglampahi | Adipati Santênan amaksa | nuwun duka arsa mulèh | angandika sang prabu | alah iya karsanirèki | lamun sira tan kêna | kudu maksa mantuk | Dipati Pathi wotsêkar | udurira lajêng bubar èsmu runtik | lampahe gêgancangan ||
37.015 Senapati Ngalaga sira ngling | mring wadya lirna Ki Măndaraka | wruhanira ing karsane [[f. 168v]] | Dipati Pathi iku | balik arsa mêngsah Matawis | matur Ki Măndaraka | puna liripun |[3] ngandika kados punika | kakang uwis karsani Yyang Maha Suci | apa kang winicara ||
184–185 dari 206

 


1 dhuwung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 36.8.8). (kembali)
2 tan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.9.9). (kembali)
3 Kurang satu suku kata. Bandingkan: punapa liripun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.15.7). (kembali)