Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38 dari 42
189–190 dari 206
1.886–1.895 dari 2.057
38.015 pukulun pun dasih arsa | angabdi ing pada paduka aji | dadia pakathik ulun | sèn[1] sampeyan sudia | mupu amba atur pêjah gêsang prabu | kinarya pangarit suka | la-êla kawula igih ||
38.016 karsa angabdi sang nata | ing saturun-turun aba andasih | dhumatêng dhêdhak[2] sang prabu | igih mugi sudia | ngabdèkakên mring pun Senapati Prabu | têlas saèsthining manah | wus kawrat sadalêm tulis ||
38.017 ya ta mèsêm jroning nala | Pênêmbahan[3] mrirsa[4] saungêl tulis | angandika sang aprabu | Nayakarti sun trima | pracayane anak Senapati mring sun | jumurung donga Pangeran | tinêtêpna imannèki ||
38.018 olèhe rêp duwe bapa | marang isun sutèng ngong [[f. 172v]] Senapati | nanging sun sumaya besuk | lamun wulan Muharam | ing nutusan[5] mapag dandana gupuh |[6] pinasalin Kartimosa[7] | sapangadêg lawan picis ||
38.019 tinundhung binakta surat | Nayakarti tur sêmbah sigra amit | tan kawarna wisma rawuh | marêk ing kakangira | sapolahe wus katur myang surat prabu | tinampan tinigil[8] sirah | anulya sinukmèng ati ||
38.020 pèngêt jêbèng layang iwang | dhumatênga Senapati Kadhiri | dhingin salam donganisun | lan sira atur surat | marang isun wis sun tupiksa sadarum | kaliwat tarimaniwang | de sirarsa mring Matawis ||
38.021 angaku bapa maringwang | liwat suka sun dêdonga Yyang Widi | antuka safangatipun | Kajêng Nabi Muhamad | tinêtêpna ngiman pinajangna[9] ngumur | nging benjang wulan Muharam | isun papag putra mami ||
38.022 anuli sira makata | lamun sira sayakti bêbukan tulis |[10] kawrat ing sarasanipun | andhêku Senapatya | lakung suka pangrasane wus têtêmu | kalih Kajêng Panêmbahan | êntêng[11] sukanirèng ati ||
38.023 ênêngna datan winarna | ing Mataram kang winursitèng kawi | wus prapta ngubayanipun | mangke sasi Muharam | Panêmbahan miyos pêpak wadya agung | ngandika dhatêng kang putra | Wiramênggala [[f. 173r]] sun tuding ||
38.024 sira angirida lampah | amapaga Senapati Kadhiri | Si Alap-alap Tumênggung | sira angêmbanana | putraniwang ing iya lan dudunipun | sira ikang ngudurêna | lan mantri Majêgan sami ||
189–190 dari 206

 


yèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.15.4). (kembali)
têdhak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.16.3). (kembali)
Panêmbahan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.17.2). (kembali)
mirsa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.17.2). (kembali)
utusan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.18.5). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: sun utusan mapag dandana dèn gupuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.18.5). (kembali)
Kartimăngsa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.18.6). (kembali)
tininggil. (kembali)
pinanjangna. (kembali)
10 Lebih satu suku kata. Bandingkan: lamun sira yakti bêbukan tulis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.22.2). (kembali)
11 ênting (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.22.7). (kembali)