Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
38 dari 42
189–190 dari 206
1.882–1.891 dari 2.057
| 38.011 | ginandhang[1] gêntèni nata | Ki Mas Bathathot[2] Dipati Jayaragi |[3] Ki Mas Bagus namanipun | Dipati Têpasana | Ki Mas Gawat Dipati Pringgalayyèku | kang dèrèng jinujung lênggah | putra kalih taksih alit || |
| 38.012 | akêkasih Mas Tabaga[4] | Mas Kadhawung wuragil maksih alit | nêngna kocap ka lumaku | Ki Nayakarti prapta | ing Mataram katur wontên [[f. 172r]: wo...ntên] duta rawuh | sing Kadhiri tinibalan | Nayakarti awotsari || |
| 38.013 | matur tur surat tinampan | kunêng bêbukaning tulis atur bakti |[5] saking kawula pukulun | di dalêm Senapatya | ing Kadhiri katura Prabu Matarum | kang sinêmbah Ingalaga | kang sampun tuk sihi Yyang Widi |[6]| |
| 38.014 | kalawan ikang safangat | kangjêng nabi duta Muhamad kasih | myang barkat wali sadarum | kang sinare ing Jawa | sarta ikang sawab-sawab kang lêluwur | panjangêna ikang yusya | sasampuning ikang bakti || |
| 38.015 | pukulun pun dasih arsa | angabdi ing pada paduka aji | dadia pakathik ulun | sèn[7] sampeyan sudia | mupu amba atur pêjah gêsang prabu | kinarya pangarit suka | la-êla kawula igih || |
| 38.016 | karsa angabdi sang nata | ing saturun-turun aba andasih | dhumatêng dhêdhak[8] sang prabu | igih mugi sudia | ngabdèkakên mring pun Senapati Prabu | têlas saèsthining manah | wus kawrat sadalêm tulis || |
| 38.017 | ya ta mèsêm jroning nala | Pênêmbahan[9] mrirsa[10] saungêl tulis | angandika sang aprabu | Nayakarti sun trima | pracayane anak Senapati mring sun | jumurung donga Pangeran | tinêtêpna imannèki || |
| 38.018 | olèhe rêp duwe bapa | marang isun sutèng ngong [[f. 172v]] Senapati | nanging sun sumaya besuk | lamun wulan Muharam | ing nutusan[11] mapag dandana gupuh |[12] pinasalin Kartimosa[13] | sapangadêg lawan picis || |
| 38.019 | tinundhung binakta surat | Nayakarti tur sêmbah sigra amit | tan kawarna wisma rawuh | marêk ing kakangira | sapolahe wus katur myang surat prabu | tinampan tinigil[14] sirah | anulya sinukmèng ati || |
| 38.020 | pèngêt jêbèng layang iwang | dhumatênga Senapati Kadhiri | dhingin salam donganisun | lan sira atur surat | marang isun wis sun tupiksa sadarum | kaliwat tarimaniwang | de sirarsa mring Matawis || |
189–190 dari 206
| 1 | ginadhang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.11.1). (kembali) |
| 2 | Bathothot (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.11.2). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata: Mas Bathothot Dipati Jayaragi. (kembali) |
| 4 | Tambaga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.12.1). (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata: kunêng bêbukaning tulis tur bakti. (kembali) |
| 6 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kang sampun tuk sih Yyang Widi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.13.7). (kembali) |
| 7 | yèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.15.4). (kembali) |
| 8 | têdhak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.16.3). (kembali) |
| 9 | Panêmbahan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.17.2). (kembali) |
| 10 | mirsa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.17.2). (kembali) |
| 11 | utusan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.18.5). (kembali) |
| 12 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sun utusan mapag dandana dèn gupuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.18.5). (kembali) |
| 13 | Kartimăngsa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.18.6). (kembali) |
| 14 | tininggil. (kembali) |