Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38 dari 42
190–191 dari 206
1.894–1.903 dari 2.057
38.023 ênêngna datan winarna | ing Mataram kang winursitèng kawi | wus prapta ngubayanipun | mangke sasi Muharam | Panêmbahan miyos pêpak wadya agung | ngandika dhatêng kang putra | Wiramênggala [[f. 173r]] sun tuding ||
38.024 sira angirida lampah | amapaga Senapati Kadhiri | Si Alap-alap Tumênggung | sira angêmbanana | putraniwang ing iya lan dudunipun | sira ikang ngudurêna | lan mantri Majêgan sami ||
38.025 kabèh lah padha milua | wong Kajoran Pajang lan Jagaragi | Dêmak ngiringa putrèngsun | nanging ta wêkas iwang | lamun èstu Senapati yèn acudhuk | Si Tumênggung Alap-alap | mringa Rawadalêm benjing ||
38.026 yèn Rawadalêm wus kalah | bayongana wêling dalêm wus ênting | nêmbah bubar saking ngayun | Madiyun gèn barisan | Ratu Jalu sineba ngaturan wêruh | lamun wong Mataram prapta | Ratu Jalu duta aglis ||
38.027 dhumatêng ing Surabaya | sung uninga yèn arsa dipun gitik | Japan Wirasaba wau | Pasuruan Pamalang | lan Lumajang Kartasana cawis sampun | wong Mataram sampun prapta | mondhok Kartasana uni ||
38.028 sakilèn Kadhiri ika | mujur ngidul Pakuncèn wastanèki | tutug kidul kilènipun | Kadhiri kang kawarna | papak[1] paseban Senapati tan milu | ayade lagi kalaran | apracaya mring kang rayi ||
38.029 awasta Ki Saradipa | mugèng ngarsanira sri narapati | jajar sira mantri agung [[f. 173v]] | sri bupati ngandika | kakangira tan ana sru sakitipun | yèn kakangira alara | sira angirida baris ||
38.030 mapag prange wong Mataram | lah bubara ngirida wong Kadhiri | tangara bubar wadya gung | wong êlèr dèrèng prapta | mung Sarêngat Balitar Malang kang bantu | lawan Rawa wus lumampah | katingal bala Matawis ||
38.031 pan sampun ayun-ayunan | Saradipa ikang dadi pangarsi | katawang anèng ing ngayun | wong Mataram uninga | winangsitan aja na nêmêni iku | acampuh kang punang yuda | wong Kadhiri abêdhili[2] ||
38.032 nging Saradipa sawadya | bêdhilira ngarêpkên midhuwur sami |[3] wong Mataram bêdhilipun | norana minimisan | nging kèri kanan anêmên gènnya campuh | apêrang tutug sadina | malah kasaput ing wêngi ||
190–191 dari 206

 


1 pêpak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.28.5). (kembali)
2 ambêdhili (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.31.7). (kembali)
3 Lebih satu suku kata: bêdhilira ngarêpkên dhuwur sami. (kembali)