Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38 dari 42
192–193 dari 206
1.916–1.925 dari 2.057
38.045 dohe lête saojotan[1] | lan gêgaman agêng bilih [[f. 175r]] manawi | tinututan aja kuwur | lampahe sampun prapta | Jagaraga apan arêrêb ing riku | anganti Ki Alap-alap | wus duta ngaturi uning ||
38.046 yèn Senapati kabakta | anèng margi Alap-alap winuni | Rawadalêm wus kinukud | wus mudur bêboyongan | anèng ngarsa Jagaraga sampun rawuh | katur Dèn Wiramênggala | sakèh bêboyongan nuli ||
38.047 sagupita baris bubar | sakèh bêboyongan dinèkèn anèng ngarsi |[2] kocapa ikang ingutus | prapta ngarsa tur sêmbah | lampah kula sinuwun nênggih ingutus | dhumatêng putra paduka | tur uninga lampahnèki ||
38.048 Rawadalêm sampun bêdhah | têtiyange gusti wus kinarigid | miwah Senapati iku | ing Kadhiri kabakta | angantosi tibalan dalêm sang prabu | sri narendra angandika | dhatêng ing wadya sarati ||
38.049 gajah ingsun plananana | paèsana poma dipun abêcik | Panêmbahan sampun mundhut | pangage saryya endah | kampuh dhuwung calana panisêtwipun[3] | amudhut kawan gagragan | miwah pangane èstri |[4]|
38.050 sêlir dalêm pan satugal | kinèn mêthuk rabine Senapati | ingiring wong tigang atus | ya ta anuli [[f. 175v]: anu...li] bubar | gajahira ikang lumakya ing ngayun | datan kawarna ing marga | samana sampun apanggih ||
38.051 rabinira Senapatya | pinasalin pangage adi-adi | Senapati apan sampun | pinapag ing busana | kitibalan[5] rama dika kinèn laju | pan tansah ingarsa-arsa | inganti wontên ing jawi ||
38.052 wus laju prapta nagara | wus tumamèng alun-alun Matawis | Radèn Arya sowan prabu | pinèpèkkên sadaya | Senapati sasanak nèng wringin kurung | ngandikan laju mring ngarsa | cumudhuk samya ngabakti ||
38.053 angandika panêmbahan | putraningsun angujunga mring mami | Senapati sèlèh dhuwung | anglasur[6] gèn lumampah | dyan manêmbah suku sang ngusapi lêbu | gigirira Senapatya | ingusap-usap sang aji ||
38.054 êndi dulurira Sara- | dipa lawan Si Jêjanggu rannèki | Senapati nêmbah matur | punika ikang lênggah | pungkuripun putra paduka sang prabu | kêkalih abdi sampeyan | padha ngujunga mring mami ||
192–193 dari 206

 


1 saonjotan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.45.1). (kembali)
2 Lebih dua suku kata. Bandingkan: sakèh tawan dinèkèn anèng ngarsi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.47.2). (kembali)
3 paningsêtipun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.49.5). (kembali)
4 Kurang satu suku kata. Bandingkan: miwah pangagening èstri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.49.7). (kembali)
5 katimbalan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.51.5). (kembali)
6 anglangsur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.53.4). (kembali)