Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
38 dari 42
192–193 dari 206
1.914–1.923 dari 2.057
| 38.043 | Ki Senapati angucap | yèn sawawi binêdhah ing Kadhiri | kula adunên prang pupuh | mênèk dede kang karsa | rama dika ing Mataram kang sinuwun | Lap-alap sampun lumampah | Rawadalêm dèn lurugi || |
| 38.044 | kandhaga lante sakawan | kang angiring radèn kèn tangara glis | gêgaman bubar sadarum | Senapati nèng ngarsa | sasanake prawira anèng ing pungkur | Radèn Arya anèng têngah | kapalan kang anèng wiking || |
| 38.045 | dohe lête saojotan[1] | lan gêgaman agêng bilih [[f. 175r]] manawi | tinututan aja kuwur | lampahe sampun prapta | Jagaraga apan arêrêb ing riku | anganti Ki Alap-alap | wus duta ngaturi uning || |
| 38.046 | yèn Senapati kabakta | anèng margi Alap-alap winuni | Rawadalêm wus kinukud | wus mudur bêboyongan | anèng ngarsa Jagaraga sampun rawuh | katur Dèn Wiramênggala | sakèh bêboyongan nuli || |
| 38.047 | sagupita baris bubar | sakèh bêboyongan dinèkèn anèng ngarsi |[2] kocapa ikang ingutus | prapta ngarsa tur sêmbah | lampah kula sinuwun nênggih ingutus | dhumatêng putra paduka | tur uninga lampahnèki || |
| 38.048 | Rawadalêm sampun bêdhah | têtiyange gusti wus kinarigid | miwah Senapati iku | ing Kadhiri kabakta | angantosi tibalan dalêm sang prabu | sri narendra angandika | dhatêng ing wadya sarati || |
| 38.049 | gajah ingsun plananana | paèsana poma dipun abêcik | Panêmbahan sampun mundhut | pangage saryya endah | kampuh dhuwung calana panisêtwipun[3] | amudhut kawan gagragan | miwah pangane èstri |[4]| |
| 38.050 | sêlir dalêm pan satugal | kinèn mêthuk rabine Senapati | ingiring wong tigang atus | ya ta anuli [[f. 175v]: anu...li] bubar | gajahira ikang lumakya ing ngayun | datan kawarna ing marga | samana sampun apanggih || |
| 38.051 | rabinira Senapatya | pinasalin pangage adi-adi | Senapati apan sampun | pinapag ing busana | kitibalan[5] rama dika kinèn laju | pan tansah ingarsa-arsa | inganti wontên ing jawi || |
| 38.052 | wus laju prapta nagara | wus tumamèng alun-alun Matawis | Radèn Arya sowan prabu | pinèpèkkên sadaya | Senapati sasanak nèng wringin kurung | ngandikan laju mring ngarsa | cumudhuk samya ngabakti || |
192–193 dari 206
| 1 | saonjotan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.45.1). (kembali) |
| 2 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: sakèh tawan dinèkèn anèng ngarsi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.47.2). (kembali) |
| 3 | paningsêtipun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.49.5). (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: miwah pangagening èstri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.49.7). (kembali) |
| 5 | katimbalan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.51.5). (kembali) |