Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
38 dari 42
193 dari 206
1.921–1.930 dari 2.057
| 38.050 | sêlir dalêm pan satugal | kinèn mêthuk rabine Senapati | ingiring wong tigang atus | ya ta anuli [[f. 175v]: anu...li] bubar | gajahira ikang lumakya ing ngayun | datan kawarna ing marga | samana sampun apanggih || |
| 38.051 | rabinira Senapatya | pinasalin pangage adi-adi | Senapati apan sampun | pinapag ing busana | kitibalan[1] rama dika kinèn laju | pan tansah ingarsa-arsa | inganti wontên ing jawi || |
| 38.052 | wus laju prapta nagara | wus tumamèng alun-alun Matawis | Radèn Arya sowan prabu | pinèpèkkên sadaya | Senapati sasanak nèng wringin kurung | ngandikan laju mring ngarsa | cumudhuk samya ngabakti || |
| 38.053 | angandika panêmbahan | putraningsun angujunga mring mami | Senapati sèlèh dhuwung | anglasur[2] gèn lumampah | dyan manêmbah suku sang ngusapi lêbu | gigirira Senapatya | ingusap-usap sang aji || |
| 38.054 | êndi dulurira Sara- | dipa lawan Si Jêjanggu rannèki | Senapati nêmbah matur | punika ikang lênggah | pungkuripun putra paduka sang prabu | kêkalih abdi sampeyan | padha ngujunga mring mami || |
| 38.055 | nêmbah sèlèh kêrisira | kêkesodan ngujung sumukêm sikil | ngêmak-êmak sirahipun | Saradipa de nata | Senapati tan kawawa ciptanipun | nandhang sihira sang nata | apa sun walêsna kang sih || |
| 38.056 | Saradipa Kartimăngsa | Ki Jêjanggu mangkana ciptanèki | tan angrasa darbe umur [[f. 176r]] | Senapati tur sêmbah | sêtya ămba badan kawula sakojur | katura dhatêng sang nata | rabut[3] gêtih sungsum daging || |
| 38.057 | pêjah gêsang ngong katura | abdi dalêm têtiga katur sang aji |[4] ămba tan duwe sadulur | nging sêtya tuhuniwang | tan kumêdhap anging tuwan gustiningsun | yèn ngipia gusti liyan | mugi sun ja dadi jalmi || |
| 38.058 | tarima baktimu mringwang | muga tinêtêpêna imanirèki |[5] tinêkana sêdyanipun | panêmbahan ngandika | lah ta padha ngèstokêna wong Matarum | lah ki jêbèng Senapatya | ing mêko sun akên siwi || |
| 38.059 | sun karya putra pangarsa | hèh sakèhe putra-putrèngsun iki | basaa kakang sadarum | dèn atut akêkadang | sira padha ngèstokêna ujar isun | kang putra samya pranata | sinung desa Senapati || |
193 dari 206
| 1 | katimbalan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.51.5). (kembali) |
| 2 | anglangsur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.53.4). (kembali) |
| 3 | rambut (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.56.7). (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: abdi dalêm tiga katur sang aji (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.57.2). (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata: muga tinêtêpna imanirèki. (kembali) |