Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
39 dari 42
196–197 dari 206
1.955–1.964 dari 2.057
| 39.017 | ngamungna dening kawula | lan sakathahing putra ji | jênêngana ing kawula | yèn kênaa putra mami | ingong milu mêtoni | ture sangêt nuwun ingsun | yèn aba taksih gêsang | awêl[1] sih dalêm nglakungi | yèn wus pêjah kawula sakarsa nata || |
| 39.018 | yan sun iring karsanira | adandana wong Matawis | sampun siyaga sadaya | sadandananing ajurit | putrèngsun sanak mami | padha milua sadarum | ngiringa Senapatya | turutên sakarsanèki | sampun pêpak ngalun-alun kang gêgaman || |
| 39.019 | malah ambèr têkèng pasar | lêlurung kèbêkan baris | lah jêbèng padha bubara | sun srahakên i Yang Widi | putra-putra ngabakti | Ki Senapati angujung | wus dèn angatya-atya | punang tangara wus muni | Kyai Bicak ngakang wong Mataram bubar || |
| 39.020 | mantri kilèn anèng ngarsa | kasambungan wong Matawis | para kadang anèng wutat [[f. 178ar]: wuta...t] | anèng têngah Senapati | putra-putra nèng wuri | păntha-păntha kadya gunung | nèng taji tatan-tatan | amuwus Ki Senapati | yèn sawawi pangeran ing Purabaya || |
| 39.021 | dadosa têtidhih yuda | akalihan ikang rayi | ing Pangeran Jayaraga | lawan Panji Wirabumi | Malangsumirang nguni | Pangran Mangkubumi muwus | alah sakarsanira | Ki Ngabèi Wirapati | lan Ngabèi Kartiwadana kalawan || |
| 39.022 | sakathah tiyang Kajoran | ikang dadia pawiking | dawêg gèr dika lumampah | wus bubar gêgaman sami | kang dadi senapati | Pangran Purabaya iku | kang kari masranggahan | ing Taji Ki Senapati | nulya matur dhumatêng ing para putra || |
| 39.023 | miwah Pangran Mangkubumya | sawawi anggèr lumaris | nulya bubar kang gêgaman | Mantri Pamajêgan ngarsi | Ki Angabèi Rawi | Ngabèi Jênar Tumênggung | Bacor tuwin Ki Dêmang | Kalêng Kalêgèn Ngabèi | lan Ngabèi Ngawu-awu sinambungan || |
| 39.024 | dening mantri ing Mataram | Wiratanu Ki Ngabèi | lan Tumênggung Singajaya | Arya Panular anuli | Patrabăngsa Ngabèi | Arya Jagabaya iku | lan Dêmang Tanpanaha | Tumênggung Wiranêgari | atanapi Ki Tumênggung Jawiraga || |
| 39.025 | iku mantri ing Mataram | sami prawira ing jurit | têguh-têguh tau tatal | ing [[f. 178av]] wêweka wus pratami | nèng têngah Senapati | ingiring saduluripun | ikang lumampah ngarsa | pangeran ing Mangkubumi | lan kang rayi pangeran ing Singasêkar || |
| 39.026 | pra putra lumampah wutat | Pangran Têpasana uni | Pangran Pugêr wurinira | Pangran Wiramênggalèki | nulya Pangran Dipati | tan têbih ban anut tumut | Pangeran Pringgalaya | nèng ngarsa kang raka uni | Kajêng Pangran Dipatya nagri Mataram || |
196–197 dari 206
| 1 | owêl (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.16.8). (kembali) |