Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
39–40 dari 42
199–200 dari 206
1.982–1.991 dari 2.057
| 39.044 | lamun Senapati aprang | sigra anulya nulungi | pangeran ing Purabaya | ikang bujung Ki Pasagi | saparan dèn tut wuri | nuli mirsa surak umung | tandang sarêng praptanya | lan Patrabăngsa Ngabèi | ngi datan wikan patine Senapatya || |
| 39.045 | binadhusa[1] layonira | Pangeran [[f. 180v]: Pangera...n] Purabaya ngling | payo egal tinututan | sadaya olèha udhil | mandah dukane kyai | iya kêkasihe lampus | pan nora olèh bela | binêdhag mêsah agêndring | Ki Pasagi layone sampun kacandhak || |
| 39.046 | bandhusa sampun pinêcah | layone tinigas wani | ya ta wau kang winarna | pangeran ing Mangkubumi | lan Pangeran Dipati | miwah pra putra sadarum | Ngabèi Patrabăngsa | matur Senapati lalis | Pangran Adipati Mangkubumi mênggah || |
| 39.047 | nampèl pupu kalih pisan | kêkasih dalêm ngêmasi | dadya apa wong Mataram | datan wande dèn kêthoki | na jêjênêng satugil | Rogapita[2] dyan lumayu | karsanya tur uninga | nulya Pangran Mangkubumi | matur dhatêng kang putra Pangran Dipatya || |
| 39.048 | dadia têtidhih sira | la[3] nêdhaa magut jurit | malar ta olèha bela | patine Ki Senapati | alah ta uwa igih | sakarsa dika wus rêmbug | sigra tangara munya | wus dandan para prajurit | para putra sadaya sampun siyaga || |
| 39.049 | sigra tangara wus bubar | prajurite ngati-ati | pra putra mijil sadaya | anitihi gamannèki [[f. 181r]] | rapak[4] lakuning baris | kajinêman wetan tur wruh | Dipati Gêndhing srigra[5] | tangara lalos nguduri | sampun bubar wong dharat lumakyèng ngarsa || |
| 39.050 | prajurit anèng ing wutat | padha jêjaranan uni | atata ing lampahira | wong Mataram aningali | sigra para prajurit | tigal[6] gêgaman anusul | bupati para putra | kacandhak tampa lur uni | gaman wetan madhêng[7] tata mudur mara || |
| 40. Durma | |
| 40.001 | bêdhil apasang miranti kang rataka | umangsah wong Matawis | pra putra bupatya | mantri lawan prawira | kinarutug dening bêdhil | suraking bala | lir udan sinamèni || |
| 40.002 | para putra nora sangsaya mirisa | dadi bungahing ati | lir ngadhêp badhaya | sakèh para prawira | pangamuke ngowak-awik | nubak anigas | anuduk angakahi || |
| 40.003 | para putra pangamuke kadi Parta | kinarutug ing bêdhil | sinasog ing tubak | linêmbing binrangkolang | suligi kadi garigis | datan tumama | ngamuk saya nêngahi || |
199–200 dari 206
| 1 | binandhusa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.44.1). (kembali) |
| 2 | Rănggapita (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.46.6). (kembali) |
| 3 | lah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.47.2). (kembali) |
| 4 | rampak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.48.5). (kembali) |
| 5 | sigra (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.48.7). (kembali) |
| 6 | tinggal (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.49.6). (kembali) |
| 7 | majêng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.49.9). (kembali) |