Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39–40 dari 42
199–200 dari 206
1.988–1.997 dari 2.057
39.050 prajurit anèng ing wutat | padha jêjaranan uni | atata ing lampahira | wong Mataram aningali | sigra para prajurit | tigal[1] gêgaman anusul | bupati para putra | kacandhak tampa lur uni | gaman wetan madhêng[2] tata mudur mara ||
40. Durma
40.001 bêdhil apasang miranti kang rataka | umangsah wong Matawis | pra putra bupatya | mantri lawan prawira | kinarutug dening bêdhil | suraking bala | lir udan sinamèni ||
40.002 para putra nora sangsaya mirisa | dadi bungahing ati | lir ngadhêp badhaya | sakèh para prawira | pangamuke ngowak-awik | nubak anigas | anuduk angakahi ||
40.003 para putra pangamuke kadi Parta | kinarutug ing bêdhil | sinasog ing tubak | linêmbing binrangkolang | suligi kadi garigis | datan tumama | ngamuk saya nêngahi ||
40.004 lindhu awor wong bang wetan akèh pêjah | prajurit kathah mati | gègère puyêngan | kalidhih wong bang wetan | dêl Surabaya kèh mati | mantri ro pêjah | Jaladra Wiramantri ||
40.005 Adipati [[f. 181v]: Adipa...ti] Gêndhing lan Jayalêlana | sarêng malik kulambi | mundur mukur menda | nora anolèh rencang | nusup galagah andhêlik | samya bêbandhang | sakèh wadya Matawis ||
40.006 mundur kang mênang prang dhatêng pamodhokan | Pangeran Mangkubumi | rêmbagan utusan | tur uning panêmbahan | sêsandêran kang tinuding | ikang kocapa | Rănggapita wus prapti ||
40.007 sampun marêk ing sang aji tur uninga | yèn Senapati mati | jêngêr panêmbahan | suwe mêdal kang waspa | gêgêtunira tan sipi | micarèng nala | dhuh jêbèng Senapati ||
40.008 nora nyana yèn sira nulya palastra | iya ingsun kang sisip | purwane mêngkana | dening bêbadhong ika | isun ikang bogan ugi | lah anak iwang | sira ingsun belani ||
40.009 atangara panêmbahan ing Mataram | sikêp dalêm abaris | gajah pinalanan | kuda wus kinakapan | arsa bubar nuli prapti | duta tur wikan | wus marêk sri bupati ||
199–200 dari 206

 


1 tinggal (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.49.6). (kembali)
2 majêng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.49.9). (kembali)