Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
4 dari 42
28 dari 206
271–280 dari 2.053
| 04.019 | carita ikang satêngah | kawan dasa dina uni | satêngahe [[f. 36r]: satêngah...e] kawan căndra | kang satêngah kawan warsi | anulya dipun tangi | ingayog-ayog[1] tan wungu | ikang putra graita | dêdumèke rama kalih | yèn palastra amasthi iki wis basah || |
| 04.020 | yèn gêsanga iki obah | piniyak muguhing[2] sikil | kagyat dudu warnanira | nulya siningkab kang samir | katingal rama bibi | dadya sênjata gung-agung | warna mancur apelag | wus karsaning dewa luwih | putra anjrit kulawangsanira prapta || |
| 04.021 | ambyuk sadaya karuna | sêsambate amlasasih | akathah kang ginupita | nulya putra jalêr prapti | kang wus dadi bupati | ngimba nêgara puniku | myang Dipati Ciancang | wus prapta sami nukêmi | panangise sêsambat kadi wanodya || |
| 04.022 | tan kawarna wong kang brăngta | wus kapirsa têpis wiring | gancang carita anulya | tur uninga sri bupati | sandêran putra kalih | jog [[f. 36v]: jo...g] tanpa rapan katur |[3] dhumatêng sri nalendra | purwa wasana wus ênting | kagyat mirsa pyuhing tyas tanpa jamuga || |
| 04.023 | anjêngêr sri naranata | tigang pandurat tan angling | gêgêtunira kalintang | miwah ratu pramèsyari | nata nukma ing galih | ikang sisip jênêng ingsun | wus karsaning dewata | adhuh iya bapa patih | sasurupe măngsa ta ingsun kilapa || |
| 04.024 | sri narendra mêsu tingal- | ira nulya tan kaèksi | musna datanpa karana | kagyat ratu pramèsyari | sirna kang raka aji | anjrit pramèsyari kantu | gumrah para parêkan | sarêng wungu raja dèwi | uwarana wong Galuh samya bodhola || |
| 04.025 | nusula mring Sukapura | pramèsyari tan kaèksi | murca datanpa karana | gumêrah tangis jro puri | ikang mêdal ing jawi | nêmbang têngara wus kumpul | wong Galuh sagamannya | myang upacara nêrpati | sampun bubar [[f. 37r]: bu...bar] gancangan mring Sukapura || |
| 04.026 | kawarnaa sri nalendra | layyan ratu pramèswari | jlêg tanpa sangkan wus lênggah | sumandhing kang dados bêdhil | bubar kang ngadhêp sami | lumayu kabêntus-bêntus | putrane ki apatya | pawèstri warna yu luwih | pan wuragil awasta Langênasmara || |
| 04.027 | ayun lunga nulya nata | ngandika ja lunga nini | têka ligiha ing dagan | anèng ulon sri bupati | ana karasa ngati | ni rara lênggah tumungkul | langkung jrih ing nalendra | sri bupati nukmèng galih | iya iki bêdhil ikang kasupêna || |
| 04.028 | wis karsa dewa bêthara | suka duka sri bupati | sukane impèn katêkan | dukane sri narapati | ical babot[4] nêgari | ki apatih musnanipun | wadyabala wus prapta | dinulu lir gunung gêni | kèhing bala kadi sêgara balabar || |
28 dari 206
| 1 | ingoyog-oyog. (kembali) |
| 2 | mungguhing. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: jog tanpa larapan katur. Bandingkan: jog tanpa larapan matur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 4.22.6). (kembali) |
| 4 | bobot (dan di tempat lain). (kembali) |