Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
4 dari 42
28–29 dari 206
276–285 dari 2.053
| 04.024 | sri narendra mêsu tingal- | ira nulya tan kaèksi | musna datanpa karana | kagyat ratu pramèsyari | sirna kang raka aji | anjrit pramèsyari kantu | gumrah para parêkan | sarêng wungu raja dèwi | uwarana wong Galuh samya bodhola || |
| 04.025 | nusula mring Sukapura | pramèsyari tan kaèksi | murca datanpa karana | gumêrah tangis jro puri | ikang mêdal ing jawi | nêmbang têngara wus kumpul | wong Galuh sagamannya | myang upacara nêrpati | sampun bubar [[f. 37r]: bu...bar] gancangan mring Sukapura || |
| 04.026 | kawarnaa sri nalendra | layyan ratu pramèswari | jlêg tanpa sangkan wus lênggah | sumandhing kang dados bêdhil | bubar kang ngadhêp sami | lumayu kabêntus-bêntus | putrane ki apatya | pawèstri warna yu luwih | pan wuragil awasta Langênasmara || |
| 04.027 | ayun lunga nulya nata | ngandika ja lunga nini | têka ligiha ing dagan | anèng ulon sri bupati | ana karasa ngati | ni rara lênggah tumungkul | langkung jrih ing nalendra | sri bupati nukmèng galih | iya iki bêdhil ikang kasupêna || |
| 04.028 | wis karsa dewa bêthara | suka duka sri bupati | sukane impèn katêkan | dukane sri narapati | ical babot[1] nêgari | ki apatih musnanipun | wadyabala wus prapta | dinulu lir gunung gêni | kèhing bala kadi sêgara balabar || |
| 04.029 | anulya kinèn bêktaa | bêdhil kalih mring [[f. 37v]] nêgari | sri bupati kèn angangkat | sèkêt sowang punang jalmi | nênggih nora kawawi | wong satus nora kajungjung | kawan atus tan kangkat | angandika sri bupati | payo bapa biyang mulih mring nêgara || |
| 04.030 | wus kangkat binakta sira | para putrane angiring | miwah Ni Langênasmara | sang prabu musna tan kèksi | myang ratu pramèsyari | sampun prapta ing kêdhatun | kocapa kang lumampah | tinata lampahing jalmi | punang bêdhil rinaja-raja mênggala || |
| 04.031 | jajarane tundha-tundha | ing ngarsa lawan ing wingking | atanapi kèri kanan | kadya lampahe sang aji | prapta Galuh nêgari | jalma nêningali agung | gêbagan arantaban | tuwo[2] anom gêdhe cili | samya ngucap ki apatih nora nana || |
| 04.032 | ikang uninga angucap | iya iku ki apatih | kang satêngah wuwusira | dudu iku ki apatih | duk ngulati kang bêdhil | lan garwa ki patih lampus [[f. 38r]: lampu...s] | iya ta iku uga | kunêng warnanên sang aji | lawan garwa pinarak ing sitibêntar || |
| 04.033 | punang sanjata wus prapta | sinung gon wontên sitigil | kalangkung ingupa rêngga | lampis[3] pitu punang samir | kinabong[4] warni-warni | sutra pêthak ing jro iku | anuli sutra jênar | rinangkêpan sutra wilis | sutra rêta sutra irêng jawinira || |
28–29 dari 206
| 1 | bobot (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | tuwa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 4.31.8). (kembali) |
| 3 | lapis. (kembali) |
| 4 | kinobong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |