Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 42
29–30 dari 206
289–298 dari 2.053
04.037 barang kang wêwêlak ilang | ikang sumilih pêpatih | putra tuwa winastanan | Ki Mangkupraja Dipati | putranira taruni | angrèh êmpu dhomas iku | karèh Langênasmara | anyaosi karsanèki | duk sêmana wus lama jumênêng nata ||
04.038 kèringan rat pramudita | nêgara Jawa wus radin | dhatêng nagri tanah sabrang | samya seba sri bupati | kalok ing rat sabumi | darbe bêdhil tiban prabu | sarta kutha têtiban | jlêg tanpa sangkan sang aji | mila samya pramudita jrih sadaya ||
04.039 cinatur sampun alama | jênêngira sri bupati [[f. 39r]: bu...pati] | ing Galuh sampun pêputra | tiga saking pramèsyari | Ratu Galuh kang nami | Rêtna Murdaningrat iku | istri ikang satunggal | kang jumênêng prabu èstri | Nusyatambini nagri Nusyakambangan ||
04.040 ikang rayi kalih priya | jumênêng Pangran Dipati | Mudhingsari[1] Pakuningrat | arinira kang wuragil | anama Pangeran Ari |[2] ikang putra sanès ibu | mijil Langênasmara | jalu kêkalih kang nami | ikang sêpuh awasta Jayèngasmara ||
04.041 kang taruna Jayèngsêkar | kang sêpuh sinung nêgari | jumênêng Pangran Jakarta | dening ta Pangeran Ari | wus jumênêng Bupati | Bantên pangran ari prabu | langkung atut sêsanak | sêmana sampun alami | nata merad lan garwa ikang gumantya ||
04.042 Mundhingwangi dadya nata | arine dadi pêpatih | ikang aran Jayèngsêkar | tulus jênêngira aji | norana kawis-kawis | anulya pêputra Prabu [[f. 39v]: Pra...bu] | Mundhingsari arannya | kang kathah nora kawilis | wus alama Mundhingsari pan gumantya ||
04.043 jumênêng Galuh nêgara | tulus nora kawis-kawis | anulya pêputra lanang | Lutungkasarung kang nami | gumanti dadi aji | iya nêgara ing Galuh | putra saking ampiyan | Raja Bangah kang wêwangi | putra padmi kang badhe gêntèni nata ||
04.044 Radèn Sêsuruh namanya | jênêng pangeran dipati | jênêngira sri nalendra | pan rêngka ikang nêgari | pinarag ing gêgêring | mati esuk sore lampus | mati suk sore pêjah | langkung orêm kang nêgari | sri nalendra langkung rujit manahira ||
04.045 enjang miyos sinewaka | pêpak pra nayaka sami | miwah ikang para putra | Patih Makupraja[3] ngarsi | angandika sang aji | Mangkupraja isun utus | ngupayaa usada | ri sakèh ikang nêgari | yèn tan atêmua masthi [[f. 40r]: ma...sthi] sira pêjah ||
04.046 yèn tan antuk kang usada | sira patih aja mulih | isun atêdah kewala | ing gunung Padhang ku patih | ana wong tapa luwih | Sang Gurayèng namanipun | iku sira jujuga | manawa bisa nambani | amit nêmbah patih kentar asmu brăngta ||
29–30 dari 206

 


Mundhingsari. (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: nama Pangeran Ari (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 4.40.5). (kembali)
Mangkupraja (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 4.45.4). (kembali)