Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
40 dari 42
199–200 dari 206
1.988–1.997 dari 2.053
| 40.003 | para putra pangamuke kadi Parta | kinarubut ing bêdhil | sinasog ing tumbak | linêmbing nrangkolang |[1] suligi kadi garigis | datan tumama | ngamuk saya nêngahi || |
| 40.004 | lindhu awor wong bang wetan akèh pêjah | prajurit kathah [[f. 265v]] mati | gègère puyêngan | kalindhih wong bang wetan | dêl Surabaya kèh mati | mantri ro pêjah | Jaladra Wiraragi || |
| 40.005 | Adipati Gêndhing lan Jayalêlona | sarêng malik kulambi | mundur mungkur menda | nora anolih rencang | nusup Galagah andhêlik | samya ngadhangan | sakèh wadya Matawis || |
| 40.006 | mundur kang mênang prang dhatêng pamondhokan | Pangeran Mangkubumi | rêmbagan utusan | tur uning Panêmbahan | sêsandêran kang tinuding | ingkang kocapa | Rănggapita wus prapti || |
| 40.007 | sampun marêk ing sang aji tur uninga | yèn Senapati mati | jêngêr Panêmbahan | suwe medal kang waspa | gêgêtunira tan sipi | micarèng nala | dhuh jêbèng Senapati || |
| 40.008 | nora nyona yèn sira nuli palastra | iya ingsun kang sisip | purwane mêngkana | dening bêbadhong ika | ingsun ingkang bogan[2] ugi | lah anak ingwang [[f. 266r]] | sira isun belani || |
| 40.009 | atangara panêmbahan ing Mataram | sikêp dalêm abaris | gajah pinalanan | kuda wus kinakapan | arsa bubar nuli prapti | duta tur wikan | wus marêk sri bupati || |
| 40.010 | atur sêmbah kawula ngutus pun kakang | Pangeran Mangkubumi | ngaturi uninga | kêkasih dalêm pêjah | sampyuh lawan Pasagi |[3] atur kêthokan | tiwas pun Mangkubumi || |
| 40.011 | dening mêngsah dalêm mangke sampun sayah | akathah ikang mati | anuwun ing karsa | punapa linajêngna | dhatêng bang wetan turnèki | pun Mangkubumya | sapindhahipun malih || |
| 40.012 | jisime Senapatya anuwun karsa | dipun pêtak ing pundi | ngandika nalendra | Rănggapita balia | timbalana Mangkubumi | padha muliha | sakèhe wong Matawis || |
199–200 dari 206
| 1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: linêmbing binrangkolang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 40.3.4; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 22.6.4; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 17.6.4); linêmbing binangkolang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 48.6.4; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 45.16.4). (kembali) |
| 2 | bonggan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 48.15.5; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 17.16.5). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sampyuh lawan pun Pasagi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 40.10.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 57.15.5; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 17.19.5); sampyuh lawan Ki Pasagi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 48.18.5); pêjah sampyuh lan Pasagi (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 22.18.5). (kembali) |