Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
41 dari 42
204–205 dari 206
2.034–2.043 dari 2.053
| 41.021 | atanapi putra-putra mami | matur Adipati Măndaraka | kadipundi karsa rajèng | anglampahakên sunu | nging pangrasaning ati mami | rayi nata Santênan | yèn dede sang prabu | datan wontên [[f. 271r]: wontê...n] ta puruna | panêmbahan ngandika kakang sun êprih | rayi dika elinga || |
| 41.022 | malah mandar wiranga ing ati | lah ta wêkas ingsun putraniwang | pamanmu elingna mangke | Mataram duwèkipun | dening arsa amungsuh mami | nora ngladèni iwang | yèn maksa pamanmu | têka sira ladènana | ing jurite nanging ta dèn ngati-ati | pamanira prawira || |
| 41.023 | alah uwis lah bubara kaki | iki waos lah sira gawaa | tur sêmbah lèngsèr ngarsane | bubar baris sadarum | lampah tata lir pendah ardi | kawlagar tan kawarna | ganti kang kawuwus | Dipati Pathi wus prapta | mondhok Malon gaman gêng wadya Mêtawis | amondhok Parambanan || |
| 41.024 | tatan-tatan pan kasaput wêngi | enjing bubar Dipati Santênan | lumaris ngantêp yudane | gaman gêng ing Matarum | wus lumampah kandhêg kang baris | ngling pangran adipatya | sakèh wong Matarum | dhêgna dhingin gamanira | sun nêmoni si paman wus kandhêg sami | laju pangran dipatya || |
| 41.025 | kang tut wingking mung wong magêrsari | lan pacara myang para [[f. 271v]] santana | pangran sinongsongan jêne | Dipati Pathi dulu | sapa ikang mrene dèn iring | magêrsari pacara | warnane abagus | pinêrpêkan ki dipatya | awas dulu yèn kang putra asru runtik | ing manah sangêt merang || |
| 41.026 | de ngamungkên putra mapag jurit | ngrasa binocahan sru ngandika | êndi bapakira thole | kinèn paran sirèku | ikang putra umatur aris | raka dika nèng pura | kinèn mapag ulun | paman ing lampah sampeyan | kinèn matur andika karsa punapi | lumampah mring Mataram || |
| 41.027 | bakta baris akathah kang wêling | raka dika Kangjêng Panêmbahan | ing Mataram sawarnine | darbèk dika sadarum | sigra angling Dipata Pathi | mênênga putraningwang | isun uga wus wruh | lêgêde ramakmu kuna | wus basane ramakmu ngenaki ati | dèn prih mundura iwang || |
| 41.028 | balia tan arsa mundur mami | ramanira sira kon amapag | ing yuda isun musuhe | tan purun kula wangsul | wêlinge raka dika ji |[1] yèn tan emut andika | kula kinèn mêthuk | angladèni [[f. 272r]: a...ngladèni] pêrang dika | ikang paman marêngut dening kapati- | pati ta ramanira || |
| 41.029 | olèhe majanani mring mami | sira kinon mapag pêrang iwang | tan sun ladèni putrangong | sun pinta-pinta kalbu | têka ngumah ngong ngame margi | nging bapakira uga | arêp sun prang pupuh | angadu tos kulitnya |[2] kuwat balung ngadu pucuk tumbak ganti | lah wis sira balia || |
| 41.030 | ramakira konên prapta aglis | asru runtik Jêng Pangran Dipatya | kakehan wicara mangke | sigra waos sinambut | ikang paman dipun larihi | kagyat sira anjola | asru dènnya muwus | alah sira iki bocah | lah muliha lumuh ginawe abêcik | numbak malih kang putra || |
204–205 dari 206
| 1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wêwêlinge raka dika ji (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 41.28.5). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: angadu tosing kulitnya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 41.29.8). (kembali) |