Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 42
32–33 dari 206
314–323 dari 2.053
05.010 Ngardi Padhang ambakta garwa nalendra | wawratane garwa ji | dipun cêtha lanang | tur agagah prakosa | benjang yèn dhatêng antawis | nata ngandika | apa mêngkono patih ||
05.011 yêktènana garwèngsun sira rêksaa | sandika atur bêkti | kalawan pun ajar | angaturi lalaban | wastanipun dhaon kêji | eca dhinahar | nulya mundhut sang aji ||
05.012 sampun dhahar kaecan sri naranata | lalabe dhaon kêji | dènnya dhahar kirang | punang dhaon wus têlas | nulya ngandika sang aji | luwih aenak | sun lalab gadhong kêji ||
05.013 têka bênêr si ajar patih balia | sira mundhuta maning | warahên si ajar | isun dhahar kacaryyan | satuwuk isun abukti | iki kaecan [[f. 42v]: ka...ecan] | nêmbah kentar ki patih ||
05.014 gêgancangan wus prapta ing Ardi Padhang | Sang Guriyèng kapanggih | ki apatih ngucap | dika ngaturi lalab | katrima dening sang aji | langkung kacaryyan | raosing gadhong kêji ||
05.015 salamine dènnya dhahar sri nalendra | tan eca kadi mangkin | dumadya kawula | kiyai kèn wangsula | mundhut dhaon kêji malih | dhatêng andika | Sang Guriyèng nauri ||
05.016 lah matura ingong atur pêjah gêsang | igih tan wontên malih | mapan sampun têlas | punika ki apatya | ikang katur ing sang aji | dika matura | urut gènnya tu dhingin ||
05.017 sampun amit ki patih wus lumaksana | tan kawarna ing margi | praptèng sowan nata | ki patih matur nêmbah | pukulun paduka tuding | dhatêng pun ajar | amundhut dhaon kêji ||
05.018 aturipun pun [[f. 43r]: pu...n] Guriyèng sampun têlas | nênggih kang dhaon kêji | ikang katur nata | pun ajar aturira | urut gènnya nyatuhuni | sarêng amirsa | duka yayah sinipi ||
05.019 yèn mêngkono patih isun sinisanan | dening si ajar iki | alangar si ajar | yèn mangkono apatya | garwanisun kang garbini | sira kubona | rêksanên dèn abêcik ||
32–33 dari 206