Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 42
33–34 dari 206
323–332 dari 2.053
05.019 yèn mêngkono patih isun sinisanan | dening si ajar iki | alangar si ajar | yèn mangkono apatya | garwanisun kang garbini | sira kubona | rêksanên dèn abêcik ||
05.020 lamun lair wêtêngane mêtu lanang | patènana hèh patih | buwangên dènira | si ajar timbalana | ki patih kentar wotsari | lampahe prapta | Gunung Padhang kapanggih ||
05.021 kyai ajar pakanira ingandikan | enggal dening sang aji | ature sandika | ing manah wus kaduga | lumampah kering ki patih | datan kawarna | wus prapta ngarsa aji ||
05.022 angandika hèh ajar karana sira | Gariyèng sun timbali | apa karananya | ingsun sira wèhi [[f. 43v]] sisan |[1] panjênêngan isun aji | apa ta ora | duwe wasesa mami ||
05.023 jaman iki pa sira angkah sadaya | ingsun sira sisani | langar têmên sira | matur sira ki ajar | igih sakalangkung dening | prabu wasesa | yèn mêngkono sirèki ||
05.024 hèh Gariyèng sun pundhut pati ripira | sumăngga karsa aji | nging ămba tan dosa | pinundhut patiningwang | sumăngga ing dewa luwih | wus cinêkêlan | ingugêr ing waringin ||
05.025 undhang dalêm sapa ora amilua | sarupaning wong sami | matèni si ajar | sun ilokên[2] dosanya | wong Galuh tumandang sami | pinarêbutan | kinarubut ngajurit ||
05.026 sinudukan tinumbak miwah pinêdhang | anggandhi gada namsir | piling lawan panah | tibane kadya warsa | bêdhil mimis lir garigis | nora tumama | astra pêpêr capèki ||
05.027 Ki Guriyèng [[f. 44r]: Guri...yèng] eca dènira alênggah | katur ing sri bupati | ki ajar tan pêjah | nulya kèn nimbalana | êmpu dhomas sampun prapti | kinèn tumandang | pukul gada lan piling ||
05.028 tan tumama anêlasakên gêgaman | norana miyatani | anulya ingobar | ki ajar nora pêjah | ginodhi sinilêm warih | nora tumama | bêndu sri narapati ||
33–34 dari 206

 


Lebih satu suku kata: ingsun sira wèh sisan. (kembali)
ilokkên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 5.25.4). (kembali)