Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 42
34–35 dari 206
332–341 dari 2.053
05.028 tan tumama anêlasakên gêgaman | norana miyatani | anulya ingobar | ki ajar nora pêjah | ginodhi sinilêm warih | nora tumama | bêndu sri narapati ||
05.029 hèh sirajar ya pagene nora pêjah | Gariyèng mèsêm angling | sang nata dèn têlas | tapak palu gurinda | tanapi landhêping kikir | gêgaman Jawa | nora matèni mami ||
05.030 alah apa sira go matèni iwang | masthi nora nêdhasi | lamun têmên sira | amrih ing patiningwang | nya iki sun duwe sêking | ran Păncakarya | sudhatên poling sikil ||
05.031 ingsun kang kiwa masthi ngong nuli pêjah | nanging sira dèn eling | benjang kalampahan | angambung konthol ingwang | masthi [[f. 44v]] isun amalêsi | hèh alah iya | nora isun oncati ||
05.032 wus sinudhat êmpolane ikang kiwa | ki ajar wus ngêmasi | kawandane ilang | kawarna wus alama | garwa nata kang garbini | dhatêng antara | lair kang jabang bayi ||
05.033 miyos jalu langkung bagus warnanira | kêmbar lan sri bupati | wus katur anulya | dinulang pas baruwang | nanging nora miyatani | bêndu sang nata | nulya kinèn madhahi ||
05.034 kandhaga kancana ki patih kèn buwang | Citandhu sampun kèli | karsaning jawata | kacêpit ing bêbara | ênêngna ikang kawarni | ana wong tuwa | wismane pinggir kali ||
05.035 wastanira Ki Belangantrang punika | Ni Belangantrang iki | punika rabinya | tatkalane anendra | marêngi sami angimpi | kagyat atangya | Ki Belangantrang angling ||
05.036 nini isun angimpi amangku surya | luwih dening abêcik | Ni [[f. 45r]] Ngantrang angucap | kaki marêngi iwang | ya angimpi ngêmban sasi | lagya purnama | nini iku abêcik ||
05.037 payo maring kali manawa lèh ulam | kang agêng angluwihi | wus samya lumampah | dalu kali wus prapta | Ki Belangantrang ningali | sajro bêbara | ana mancarong[1] kèksi ||
34–35 dari 206

 


mancorong (dan di tempat lain). (kembali)