Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
5 dari 42
35–36 dari 206
342–351 dari 2.053
| 05.038 | alah nini ika sun tingali apa | mancarong anglir sasi | sajroning bêbara | Ni Belangantrang ngucap | iya apa ika kaki | payo pinaran | manawa ikang kèmpi || |
| 05.039 | sarêng cêlak lamun kandhaga kancana | sinambut tan asari | samya bungah-bungah | alah si ngambil ulam | kandhaga wus dèn ungkabi | ana apadhang | ya isi jabang bayi || |
| 05.040 | dyan sinambut wong roro mrawata suta | pêpak panganggènèki | lan bagus kalintang | binêkta mantuk wisma | langkung dènnya gumatèni | dhasar laminya | datan [[f. 45v]: da...tan] adarbe siwi || |
| 05.041 | lare ika lakung[1] agêdhe bêjanya | Belangantrang wus sugih | radèn wus diwasa | sakarsane tinêkan | guna têguh tanpa aji | nêngna winarna | Sang Prabu Galuh uni || |
| 05.042 | mirsa wirayat yèn nêgarane rêngka | nulya dipun kiyasi | angalih kêdhatyan | langkung asri apelag | putra pangeran dipati | Sêsuruh ika | ingangkat dadya aji || |
| 05.043 | jumênêng Ratu Galuh dening kang rama | anganggur sèlèh siwi | anging êmpu dhomas | ikang dipun parentah | putra panuwa wus dadi | ing Galuh ika | Raja Bangah kang nami || |
| 05.044 | kaparentah mring kang rayi Galuh ika | Prabu Suruh kang nami | sêmana sang nata | angurmati kang putra | akasukan anutugi | bêdhil gumêrah | kadwa karêngèng langit || |
| 05.045 | sarya ngadu aprang buruh samya prapta | ênêngna kang winarni | Kaki Belangrantang | ginubêl mring kang putra | Ki Jaka [[f. 46r]] takèn sudarmi | langkung amaksa | nanging dipun kumbèni || |
| 05.046 | iya aku bapakira biyangira | iya iku si nini | Ki Jaka angucap | sira seje lan iwang | nora seje duk nom mami | ya kaya sira | balikan putra mami || |
| 05.047 | payo adus Citandhu dimèn walagang | kang putra atut wingking | wong têlu rowangnya | rahadyan anèng têngah | ya ta Ki Jaka ningali | paksi wurahan | arêmên aningali || |
35–36 dari 206
| 1 | langkung. (kembali) |