Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
5–6 dari 42
35–36 dari 206
350–359 dari 2.053
| 05.046 | iya aku bapakira biyangira | iya iku si nini | Ki Jaka angucap | sira seje lan iwang | nora seje duk nom mami | ya kaya sira | balikan putra mami || |
| 05.047 | payo adus Citandhu dimèn walagang | kang putra atut wingking | wong têlu rowangnya | rahadyan anèng têngah | ya ta Ki Jaka ningali | paksi wurahan | arêmên aningali || |
| 05.048 | ikang manuk apa bapa mèkcok[1] ing pang | têtêlu samya sandhing | warnane apelag | samya nganggo jêjamang | Ki Belangantrang nauri | Ciyung arannya | bapakane kang pigir[2] || |
| 05.049 | têngên ika kang têngah ya anakira | kang kiwa biyangnèki | ki jaka angucap | sun dudu anakira | seje rupa ika paksi | sami lan bapa | ora kaki nak mami || |
| 05.050 | Ki Jaka tumingal ing pang na alênggah | satata lawan [[f. 46v]: lawa...n] jêjalmi |[3] têtêlu ajajar | bapa ika ta apa | Belangantrang anauri | ika wanara | kang têngah anaknèki || |
| 05.051 | ikang pigir karo bapak biyangira | ki jaka mèsêm angling | ika si wanara | anak mèmpêr bapanya | isun iki wus amêsthi | dudu nakira | bapa isun angalih || |
| 05.052 | rêmênisun anama Ciyungwênara | Ki Jaka mirsa bêdhil | gora barondongan | bapa apa sun mirsa | kaya ngrubuhêna langit | iya sang nata | ngurmati putranèki || |
| 05.053 | pa karane bapa putra ingurmatan | ya jinênêngkên aji | ing Galuh nêgara | Prabu Suruh arannya | bapa sun arsa ningali | ngampah tan kêna | Ki Jaka lumangkya[4] glis || |
| 05.054 | Belangantrang lan garwane atut wuntat | wus prapta ing nêgari | pan kagyat Ki Jaka | dulu lah ika apa | gêng sun tingali puniki | dening apelag | gula milir gumanti || |
| 6. Dhandhanggula | |
| 06.001 | airêng [[f. 47r]] ngrênggunuk sun tingali | ika gajah kagungan sang nata | Dyan Ciyung amapagake | cinandhak gadhingipun | nulya dhêku kang punang èsthi | Radyan Ciyungwênara | arêmên andulu | punang baris panthan-panthan | nulya lajêng ika sapa sun tingali | bapa ikang alênggah || |
35–36 dari 206
| 1 | mencok (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 5.48.1). (kembali) |
| 2 | pinggir (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 5.48.7). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: satata lawan jalmi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 5.50.2). (kembali) |
| 4 | lumakya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 5.53.7). (kembali) |