Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
5 dari 42
31–32 dari 206
308–317 dari 2.053
| 05.004 | angandika hèh Apatih Mangkupraja | ingsun arsa ngayoni | mring si ajar ngarga | Padhang Garyèng arannya | sira pajar lamun luwih | wruh osikingwang [[f. 41v]: osiking...wang] | dadya mêngko apatih || |
| 05.005 | garwaningsun panêpi sira gawaa | iku durung garbini | agawea cidra | lah kandhutana waja | dimon kaya wong garbini | sira takokna | wêtêngane ing nguni || |
| 05.006 | lamun lair apa lanang pa wanodya | nêmbah kentar ki patih | bakta garwa nata | prapta ing Gunung Padhang | Sang Guriyèng angling aris | punapa karya | ki patih dhatêng ngriki || |
| 05.007 | măngsa barong[1] andika pan sampun limpad | iya sun ki apatih | wus wruh lakunira | kinèngkèn ing sang nata | kinèn nakokkên kang rabi | dènira wawrat | matura sri bupati || |
| 05.008 | wawratane kang garwa patih ku uga | yèn têka ing antawis | iya miyos lanang | tur ku gagah prakosa | lan manira angaturi | lalab-lalaban | iki gadhong kêkêji || |
| 05.009 | iki enak ginawe lalab adhahar | ki patih [[f. 42r]] anampèni | anulya pamitan | lakunira wus prapta | nagri Galuh sowan aji | matur anêmbah | lampah ămba wus prapti || |
| 05.010 | Ngardi Padhang ambakta garwa nalendra | wawratane garwa ji | dipun cêtha lanang | tur agagah prakosa | benjang yèn dhatêng antawis | nata ngandika | apa mêngkono patih || |
| 05.011 | yêktènana garwèngsun sira rêksaa | sandika atur bêkti | kalawan pun ajar | angaturi lalaban | wastanipun dhaon kêji | eca dhinahar | nulya mundhut sang aji || |
| 05.012 | sampun dhahar kaecan sri naranata | lalabe dhaon kêji | dènnya dhahar kirang | punang dhaon wus têlas | nulya ngandika sang aji | luwih aenak | sun lalab gadhong kêji || |
| 05.013 | têka bênêr si ajar patih balia | sira mundhuta maning | warahên si ajar | isun dhahar kacaryyan | satuwuk isun abukti | iki kaecan [[f. 42v]: ka...ecan] | nêmbah kentar ki patih || |
31–32 dari 206
| 1 | borong. (kembali) |