Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 42
38–39 dari 206
373–382 dari 2.053
06.015 nulya kang rama dipun aturi | lawan ibu kinèn maonana | sang prabu prapta dalême | lan ibu pramèsyantun | kagawokan dènnya ningali | pasang rakit kadhatyan | akalipun punjul | Ciyungwênara amapag | atur bêkti pinêngkul dening sang aji | bisa têmên ki putra ||
06.016 apa sira kang garap pribadi | igih sadaya kang êmpu dhomas | sadaya [[f. 49v]: sa...daya] ngladosi bae | manjing ing dalêmipun | lajêng dhatêng ing gêdhong wêsi | anjêngêr sri nalendra | miwah pramèsyantun | lir dede ukiran jalma | kaki iki sira kang ngukir pribadi | igih barkat paduka ||
06.017 mila paduka ămba aturi | maonana kaki putraniwang | norana winaèn mangke | ingidêran sang prabu | bagus têmên pakaryannèki | matur Ciyungwênara | ing jro langkung bagus | sanès kalawan ing jaba | reka jalma dèrèng wontên kang maoni | ibu ratu sumăngga ||
06.018 nulya manjing pramèsyari aglis | kagawokan dènira tumingal | bisa têmên putraningong | durung isun andulu | kakang aji dika tingali | nulya manjing sang nata | inginêban sampun | kinunci saking ing jaba | Radèn Ciyungwênara undhang ing mantri | tuguk[1] akêmitana ||
06.019 poma sapa ana angaturi | dhahare miwah ngaturi [[f. 50r]: nga...turi] toya | mri[2] rama sun ilokake | sadosane puniku | samya ajrih sagunging mantri | wus lama sri nalendra | anèng gêdhong iku | nora sinungana dhahar | miwah toya langkung dening kawlasasih | prabu anom amirsa ||
06.020 lamun sang nata nèng gêdhong wêsi | tinutupan tan sinungan dhahar | duka sang nata kalbune | tan duka karsanipun | arinisun ki adipati | nulya kinèn ngaturan | toya lawan sêkul | atanapi dhêdhaharan | ikang tungguk kêmit sadaya samya jrih | sang nata nulya dhahar ||
06.021 lawan garwa ratu pramèsyari | Ciyungwênara tilik kang rama | mau akèh sêsambate | mêngko kèndêl sang prabu | pa karane Ki Ciyung prapti | kang rama ibu nendra | andhêcah kadulu | dhêdhaharan sêkul ulam | langkung bêndu ikang kêmit dèn timbali | sapa asung dhêdharan ||
06.022 mara rama dening wani- [[f. 50v]] wani | ikang têngga umatur sadaya | raka paduka sang rajèng | Ciyungwênara bêndu | nora kêna ginawe bêcik | nulya sohan kang raka | prapta wus alungguh | punapa kangmas andika | ikang asung adhahar ing rama aji | iya yayi mas iwang ||
06.023 pa karane yayi rama aji | sira pilara gêdhong wêsika | nora sinung dhahar mangke | isun nyayi[3] tan asung | nora ilok ari sun yayi | kang rayi aturira | mindêla rumuhun | lagya kêna panagihan | nora bina[4] trêsnanira lawan mami | dhumatêng kangjêng rama ||
06.024 ora yayi ala ucapnèki | kêna ora kênaa sun têdha | nadyan anaa sisipe | isun ikang amêngku | uculana rama kiyai | kakang tan pawèh kula | maksa sang aprabu | Ciyungwênara bramatya | makatêna kakang ji tan asih mami | asih ing kangjêng rama ||
38–39 dari 206

 


tungguk. (kembali)
mring (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 6.19.3). (kembali)
yayi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 6.23.4). (kembali)
beda. (kembali)