Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 42
36–37 dari 206
359–368 dari 2.053
6. Dhandhanggula
06.001 airêng [[f. 47r]] ngrênggunuk sun tingali | ika gajah kagungan sang nata | Dyan Ciyung amapagake | cinandhak gadhingipun | nulya dhêku kang punang èsthi | Radyan Ciyungwênara | arêmên andulu | punang baris panthan-panthan | nulya lajêng ika sapa sun tingali | bapa ikang alênggah ||
06.002 dhêdhampar mas sineba bupati | iya ika kaki sri nalendra | prabu anèm ikang mangke | Ciyungwênara muwus | dhuh abagus si kakang aji | dulunên ika bapa | padha lawan ingsun | bapa ji ikang atuwa | ana ngêndi kaki ana jroning puri | nganggur mung êmpu dhomas ||
06.003 kang pinundhut Ki Jaka mangkya ngling | isun ora arsa seba kangmas | payo seba rama rajèng | Belangantrang tanpa sung | lan rabine agêgendholi | sinampe ting palêsat | Ki Ciyung malêbu | nora mêdal pagêlaran | manjing pura kandhêg bale sawo uni | bale sawo punika ||
06.004 yèn ginêpok kadi găngsa muni [[f. 47v]: mu...ni] | Ki Ciyungwênara pan tumingal | kênul pan ginantung age | kênul nulya dèn gayuh | dipun taboh watone muni | unine kadi găngsa | lir bêndhe angungkung | tinitir gègèr paseban | prabu anom akèn nyêkêla sira glis | kinarubut ing bala ||
06.005 arsa cinêkêl Ki Ciyung aglis | nulya kirig pan pating palêsat | katur dhumatêng sang rajèng | anake sapa iku | aturira kang para mantri | anake Belangantrang | timbalana iku | Belangantrang sampun prapta | sang nata ngling apa anakmu pribadi | Belangantrang tur sêmbah ||
06.006 inggih angsal kawula mêmanggih | nulya ngandikan Ciyungwanara | prapta angujung sang rajèng | sumungkêm anèng suku | sira sapa kang duwe siwi | wani ngujung maringwang | Ki Ciyung wotsantun | punapa paduka kilap | yèn tan emut inggih sampun nuwun pamit | nulya mundhut paesan ||
06.007 dan angilo paesan sang aji | mèsêm ngucap sira anak ingwang | kang [[f. 48r]] sun buwang duk timure | Ki Ciyung awotsantun | lamun èstu putra sang aji | dening pae lan kangmas | ngadêgakên ratu | kawula nuwun parentah | kaya priye wus kaliwat ujar mami | wus pasrah kakangira ||
06.008 yèn ingsun duwea ujar kêkalih |[1] dadi ratu sangara ing jagat | Ciyungwênara ature | batên ulun angrêbut | panjênênganipun kaka ji | punika êmpu dhomas | kang kawula suwun | sampun paduka parentah | anganggura ecaa dhahar aguling | saking kula lan kangmas ||
06.009 igih kula èstu angladosi | mring kakangmas punapa kang karsa | pakaryyan ing êmpu kabèh | mijila saking ulun | atanapi karsa rama ji | kula kang nyaosana | sakarsa pukulun | iya kaki sun alêga | karsanira rêmbuga lan kaki aji | dèn atut asêsanak ||
06.010 nulya prabu anom dèn timbali | sampun [[f. 48v]: sa...mpun] prapta lênggah anèng ngarsa | kang asowan ngalêm kabèh | Ki Siungwênarèku | dene kembar lawan sang aji | kaot nom lawan tuwa | ngandika sang prabu | kaki iki arinira | lagya prapta jaluk warisan nêgari | dening uwus kaliwat ||
36–37 dari 206

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn ingsun duwea ujar kalih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 6.8.1). (kembali)