Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
6 dari 42
40–41 dari 206
396–405 dari 2.053
| 06.038 | nanging aja suwala ing kapti | igih kangmas kawula arêmbag | kêkanthèn asta lakune | wus prapta prênahipun | gêdhong wêsi prasamya bêkti | rama ji nuwun sabda | rèh paduka ulun | gèn ămba rêbat nêgara | tanpa wêkas mangke sumăngga karsa ji | sintên ikang kalilan || |
| 06.039 | angandika putraningsun kalih | wis aja na padudon rêmbaga | dèn atut sêsanak radèn | mangkene patutingsun | ingsun paro nêgari Jawi | Ki Sêsuruh duwea | saparone iku | madêga ratu bang wetan | anak ingsun [[f. 53v]: ingsu...n] Ciyungwanara sapalih | kulon madêga nata || |
| 06.040 | putra kalih samya atur bêkti | tan lênggana saandika nata | dyan sang prabu andikane | dening awatês ingsun | ing Cipalèh iku ta sami | wetane sapangetan | kang duwe Ki Suruh | kulone mangulon pisan | kang duwea Ki Ciyungwênara sami | wis aja na sawala || |
| 06.041 | sang nata musna lan gêdhongnèki | ingkang kari gêgêtun kewala | samya karaos nalane | kang raka rayi atut | rêrêmbagan anèng Cipalih | de Cipalih punika | sakilèning Galuh | sakilènipun Ciancang | sakidule Ciamis sawetannèki | nênggih ngiba[1] nagara || |
| 06.042 | wis ta yayi nagara pinalih | sira ngadêga ing Pajajaran | kuthaa Pakuan mangke | ingsun amadêg ratu | anèng wetan ing Majapait | ingkang rayi tur sêmbah | kawula anurut [[f. 54r]: anu...rut] | wis yayi aèng ulonga | sun angetang tartantu wong kilèn maksih | sadaya basa Sundha || |
| 06.043 | wong bang wetan sami basa Jawi | Ciyungwanara wus ngadêg nata | ing Pajajaran kuthane | tulus jumênêng ratu | kunêng Radèn Suruh winuni | anutugakên brăngta | mangun tapa wau | ambêkta sêlir satugal[2] | loro sanak kang tuwa jalêr satunggil | kinarya ponakawan || |
| 06.044 | binakta nusup wona kang wêrit | munggah gunung tumurun ing jurang | manjing guwa sungil mangke | aloma anèng ngriku | Ki Sêsuruh amati ragi | kang tinêdha tulusa | panjênênganipun | tumuruna ja kasêlan | salamine ngêpêla nagari Jawi | turunira piyambak || |
| 06.045 | nanging tansah bineka ing sêlir | lawan kadange lanang satunggal | angaru-ara tangise | tan kèndêl rintên dalu | ngêrak-ngêrik sêsambatnèki | wêruha [[f. 54v]: wêru...ha] yèn mangkana | ingsun nora milu | tan bêtah ngong nora mangan | jaluk bukti payo mulih mring nagari | ngong tan bêtah abrăngta || |
| 06.046 | barang ingkang kacandhak binukti | nora marêm tansah ngamah-amah | miwah tan bêtah turone | tansah ingimur-imur | maksa beka nora dèn pyarsi | anangis ngaru-ara | bêndu sang abagus | anibakakên sêngara | nêpsunira kaya buta sun arani | ni rara dadi buta || |
| 06.047 | dadi buta lanang kakangnèki | ni rara dadi buta wanudya | Jaka Sêsuruh dlinge |[3] wis karia sirèku | guwa iki tunggunên sami | sakutu walang taga | kèdhêpa sadarum | ngiras dadi panganira | sinupatan Ki Sêsuruh sampun mijil | kapungkur ri saksana || |
40–41 dari 206
| 1 | ngimba. (kembali) |
| 2 | satunggal (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Jaka Sêsuruh dan linge (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 6.47.3). (kembali) |