Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 42
37–38 dari 206
365–374 dari 2.053
06.007 dan angilo paesan sang aji | mèsêm ngucap sira anak ingwang | kang [[f. 48r]] sun buwang duk timure | Ki Ciyung awotsantun | lamun èstu putra sang aji | dening pae lan kangmas | ngadêgakên ratu | kawula nuwun parentah | kaya priye wus kaliwat ujar mami | wus pasrah kakangira ||
06.008 yèn ingsun duwea ujar kêkalih |[1] dadi ratu sangara ing jagat | Ciyungwênara ature | batên ulun angrêbut | panjênênganipun kaka ji | punika êmpu dhomas | kang kawula suwun | sampun paduka parentah | anganggura ecaa dhahar aguling | saking kula lan kangmas ||
06.009 igih kula èstu angladosi | mring kakangmas punapa kang karsa | pakaryyan ing êmpu kabèh | mijila saking ulun | atanapi karsa rama ji | kula kang nyaosana | sakarsa pukulun | iya kaki sun alêga | karsanira rêmbuga lan kaki aji | dèn atut asêsanak ||
06.010 nulya prabu anom dèn timbali | sampun [[f. 48v]: sa...mpun] prapta lênggah anèng ngarsa | kang asowan ngalêm kabèh | Ki Siungwênarèku | dene kembar lawan sang aji | kaot nom lawan tuwa | ngandika sang prabu | kaki iki arinira | lagya prapta jaluk warisan nêgari | dening uwus kaliwat ||
06.011 isun êdum jrih dewa kang luwih | arinira ira iya nora arsa |[2] jaluk êmpu dhomas bae | isun têka anurut | prabu anom ngandika aris | yayi iku sapala | dhinahara prabu | payo mukti apalihan | sira lawan isun sami andarbèni | nuwun Ciyungwênara ||
06.012 kangmas kawula tan yun sapalih | wus kaliwat nging êmpu kewala | kula ngladosna karyane | rama dimone nganggur | lah apaa karyanirèki | angandika kang rama | uwis ja winuwus | tulusa atut kêkadang | ikang sapa miwiti sun tan lilani | nulya samya luwaran ||
06.013 Jaka Sêsuruh tulus dadya ji | Ki Ciyung marentah êmpu dhom |[3] damêl padalêman [[f. 49r]: pa...dalêman] sae | kinêmbar lan kêdhatun | arang seba pakaryannèki | ngumpulkên êmpu dhomas | siyang lawan dalu | karya dadanan[4] gêgaman | waos dhuwung bêdhil tawok gada piling | tulup kalawan raras ||
06.014 kêbak paseban lawaning pati | warna-warna myang ukir-ukiran | nulya Ki Ciyung agawe | gêdhong wêsi pan agung | dipun ukir rinaja wrêdi | tinatah ing mas jingga | nayakane murub | cinêplok lawan sêsotya | muncar-mancur kang ing jro rineka jalmi | sajagat tan asama ||
06.015 nulya kang rama dipun aturi | lawan ibu kinèn maonana | sang prabu prapta dalême | lan ibu pramèsyantun | kagawokan dènnya ningali | pasang rakit kadhatyan | akalipun punjul | Ciyungwênara amapag | atur bêkti pinêngkul dening sang aji | bisa têmên ki putra ||
06.016 apa sira kang garap pribadi | igih sadaya kang êmpu dhomas | sadaya [[f. 49v]: sa...daya] ngladosi bae | manjing ing dalêmipun | lajêng dhatêng ing gêdhong wêsi | anjêngêr sri nalendra | miwah pramèsyantun | lir dede ukiran jalma | kaki iki sira kang ngukir pribadi | igih barkat paduka ||
37–38 dari 206

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn ingsun duwea ujar kalih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 6.8.1). (kembali)
Lebih dua suku kata. Bandingkan: arinira iya nora arsa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 6.11.2). (kembali)
Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a. Bandingkan: Ki Ciyung marentah êmpu dhomas (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 6.13.2). (kembali)
dandanan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)