Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
6–7 dari 42
41–42 dari 206
402–411 dari 2.053
| 06.044 | binakta nusup wona kang wêrit | munggah gunung tumurun ing jurang | manjing guwa sungil mangke | aloma anèng ngriku | Ki Sêsuruh amati ragi | kang tinêdha tulusa | panjênênganipun | tumuruna ja kasêlan | salamine ngêpêla nagari Jawi | turunira piyambak || |
| 06.045 | nanging tansah bineka ing sêlir | lawan kadange lanang satunggal | angaru-ara tangise | tan kèndêl rintên dalu | ngêrak-ngêrik sêsambatnèki | wêruha [[f. 54v]: wêru...ha] yèn mangkana | ingsun nora milu | tan bêtah ngong nora mangan | jaluk bukti payo mulih mring nagari | ngong tan bêtah abrăngta || |
| 06.046 | barang ingkang kacandhak binukti | nora marêm tansah ngamah-amah | miwah tan bêtah turone | tansah ingimur-imur | maksa beka nora dèn pyarsi | anangis ngaru-ara | bêndu sang abagus | anibakakên sêngara | nêpsunira kaya buta sun arani | ni rara dadi buta || |
| 06.047 | dadi buta lanang kakangnèki | ni rara dadi buta wanudya | Jaka Sêsuruh dlinge |[1] wis karia sirèku | guwa iki tunggunên sami | sakutu walang taga | kèdhêpa sadarum | ngiras dadi panganira | sinupatan Ki Sêsuruh sampun mijil | kapungkur ri saksana || |
| 7. Pangkur | |
| 07.001 | ngilèn bênêr lampahira | mudhun jurang sungil manjing wana kêr awrit |[2] kadya jukung manggih [[f. 55r]] timur | lir lêlayangan pêgat | kang dèn marga bayapakewuh kèh lampus | alami sira nèng marga | nora dhahar nora guling || |
| 07.002 | mêsu tyas nênêdhèng ing Yyang | manjing guwa sangêt amati ragi | alami anèng ing ngriku | rumiyin tapanira | dèrèng tutug kabeka ing sêliripun | mila winangun tapanya | gêntur nèng guwa anêpi || |
| 07.003 | punang guwa cinarita | lir kadhatyan tundha sapta kang kori | paseban mawi manguntur | tanapi sokasana | jroning guwa padhang dening soca murub | lêlangsene tundha sanga | pasareyan adi luwih || |
| 07.004 | ya iku kang pacangkraman | nata dèwi kang marentah ing rat Jawi |[3] sakathahe ing lêlêmbut | sadaya angawula | cinarita mula-mulane karuhun | istu manusa kajiman | barang kang cinipta dadi || |
| 07.005 | ratu sakti mahamara[4] | prabu rara warna lir widadari [[f. 55v]] | warnane salin ping pitu | bisa nom bisa tuwa | mancala putra mancali putri punjul | pa lire kadya punika | bisa lanang bisa èstri || |
| 07.006 | yèn kinawi lan cinăndra | luwih rupa kurang căndra kang kawi | kurang malih luwih iku | kasêktènnya punjul wigya |[5] cinarita kagegeran wadyanipun | yèn ana satriya tapa | wus uninga raja dèwi || |
41–42 dari 206
| 1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Jaka Sêsuruh dan linge (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 6.47.3). (kembali) |
| 2 | Lebih dua suku kata: mudhun jurang sungil manjing wana writ. (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nata dèwi kang marentah rat Jawi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.4.2). (kembali) |
| 4 | mahabara (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.5.1). (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kasaktèn pujul wigya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.6.4). (kembali) |