Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
7 dari 42
43–44 dari 206
426–435 dari 2.053
| 07.021 | kang aran Radèn Sasêdhah | kentar ngetan anglangut [[f. 57v]: anglangu...t] ingsun ulati |[1] tambuh warna mirsa tutur | yayi dulunên ingwang | apa nyata ingsun Ki Jaka Sêsuruh | acêlor sang dyah tumingal | tumungkul wik-uwik siti || |
| 07.022 | sang kakung norana baya | apa iki panukmane Dèwi Ratih |[2] ingkang asmara ngundang kung | angrujit-rujit nala | adèn wurung tapa apan sida wuyung | mung iki kang dadi brăngta | awèh edan ngundang ragi || |
| 07.023 | wulangun ingsun mas dewa | nora ketang wurung dadi nêrpati | midêr ing rat sun tan nêmu | sang dyah mèsêm tumingal | dhuh wong iki angkuhe kaya kumêndur | dening ta daya gêlnama[3] | dèn wawa-wawa yèn kèmpi || |
| 07.024 | sang dyah canggèh ngudasmara | siyat-siyut kănca sampur nyabêti | Ki Sêsuruh wus wulangun | angrungrum angrêrêpa | sang dyah ayu wus kagiwang manahipun | kagunturan ing asmara | marlupa sariranèki || |
| 07.025 | sang kakung arsa angaras | karsanira rahadyan [[f. 58r]: rahadya...n] nêkakkên kapti |[4] sang dyah rara maksih emut | ngucap anyêngkah jaja | mêngko-mêngko radèn dulunên kat ingsun | lungguha ingsun wêwawarta |[5] dadi sangaring nêgari || |
| 07.026 | yèn aja emuta ingwang | dadi apa sira nêkakkên kapti | nêdhêng sêmene rèningsun | wong gêguyon lan sanak | ingsun uga kadangira kang prêmbayun | kang tinundhung kangjêng rama | tinari krama tan apti || |
| 07.027 | mêngko wus karsa Yyang Sukma | lawan sira sun jisim dudu jisim | Jaka Sêsuruh gêgêtun | tan sipi ingkang raka | ajrih wirang Jaka Sêsuruh andhêku | kakang bok botên anyana | nuwun pangapura mi |[6]| |
| 07.028 | dening sanès warnanira | mangke emut ya wis ja watir yayi | sadurunge sun kang mêngku | karaningsun ambeka | wus luwara tulusa jumênêng ratu | anèng nagri Majalêngka | sun anèng Sagarawêdhi || |
| 07.029 | wus pinasthi jênêngira | run-tumurun ngêmpêl nêgari Jawi | ing jaman akiring besuk [[f. 58v]] | turunira digdaya | anglir eyang ing Mataram nagrinipun | ingkang amomong manira | sagara kidul gon mami || |
| 07.030 | wis yayi sira mentara | inggih kangbok sampun sampeyan dohi | iya yayi saparanmu | ingsun nora atêbah | saturunmu ingsun kang amongmong besuk | ingkang raka sampun ical | Ki Sêsuruh nulya mijil || |
43–44 dari 206
| 1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kentar ngetan anglangut sun ulati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.21.2). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata: apa iki nukmane Dèwi Ratih. (kembali) |
| 3 | gêlêma (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.23.6). (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: karsanira radyan nêkakkên kapti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.25.2). (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: luguha isun wêwarta (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.25.6). (kembali) |
| 6 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: nuwun pangapura mami (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.27.7). (kembali) |