Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7 dari 42
41–42 dari 206
409–418 dari 2.053
07.004 ya iku kang pacangkraman | nata dèwi kang marentah ing rat Jawi |[1] sakathahe ing lêlêmbut | sadaya angawula | cinarita mula-mulane karuhun | istu manusa kajiman | barang kang cinipta dadi ||
07.005 ratu sakti mahamara[2] | prabu rara warna lir widadari [[f. 55v]] | warnane salin ping pitu | bisa nom bisa tuwa | mancala putra mancali putri punjul | pa lire kadya punika | bisa lanang bisa èstri ||
07.006 yèn kinawi lan cinăndra | luwih rupa kurang căndra kang kawi | kurang malih luwih iku | kasêktènnya punjul wigya |[3] cinarita kagegeran wadyanipun | yèn ana satriya tapa | wus uninga raja dèwi ||
07.007 mangkana ciptaning nala | sun godhane kusuma kang lagi brangti |[4] dimune tapane wurung | raja dèwi tumêdhak | kunêng ikang nèng guwa kang lagya junun | matitis ing grana sika | nora nana kang kaèksi ||
07.008 tapanira mèh têlasan | kurang pitung dina lan pitung bêngi | wayahipun têngah dalu | akathah kang katingal | agêgila miyosi myang amrih lampus | nanging Ki Suruh tan obah | anulya na kaki-kaki ||
07.009 amarani Ki Sasêdhah | pangucape lah pirsakêna [[f. 56r]] kaki | èstu tapanira iku | tinarima Pangeran | tutugêna eman kari pitung dalu | ewa mangkana luwara | wus katarima Yyang Widi ||
07.010 nanging ta kari satunggal | beka agêng sira tan kêlar nadhahi |[5] ya iku ingkang ananggung | kang nyampurnakakên sira |[6] dadi kanthi ing saturunira besuk | wis kaki sira karia | Ki Suruh mituhu ngati ||
07.011 sagupita wontên padhang | jroning guwa kadi padhanging sasi | kagyat Ki Jaka Sêsuruh | anulya katingalan | ana prapta wanodya ayu pinunjul | rat jagat tan ana sama | lakunira èsmu brangti ||
07.012 gandrung-gandrung ngudang brăngta | kasêmêkan kinudhungakên sapalih |[7] sang dyah sarwi arawat luh | amala-mala jaja | têka dhepok sarya lulur-lulur suku | angudang brangtasmara |[8] sapolahe dudut ati ||
07.013 Jaka Sêsuruh tumingal | langkung dening awas ingkang lagi brangti [[f. 56v]] |[9] pinirsa sêsambatipun | katuwone wak ingwang | tilar yayah rena norana sun etung | nanging kang katon supêna | ingkang asung lara brangti ||
41–42 dari 206

 


1 Lebih satu suku kata. Bandingkan: nata dèwi kang marentah rat Jawi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.4.2). (kembali)
2 mahabara (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.5.1). (kembali)
3 Lebih satu suku kata. Bandingkan: kasaktèn pujul wigya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.6.4). (kembali)
4 Lebih satu suku kata: sun godhane kusma kang lagi brangti. (kembali)
5 Lebih satu suku kata. Bandingkan: beka agêng sira tan klar nadhahi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.10.2). (kembali)
6 Lebih satu suku kata. Bandingkan: kang nyampurnakên [nyampurnakkên] sira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.10.4). (kembali)
7 Lebih satu suku kata: kasêmêkan kinudhungkên sapalih. (kembali)
8 Kurang satu suku kata. Bandingkan: angudang kung brangtasmara (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.12.6). (kembali)
9 Lebih satu suku kata: langkung dening awas kang lagi brangti. (kembali)