Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
8 dari 42
46 dari 206
451–460 dari 2.053
| 08.012 | kang barkatan ing Galuh samya kabakta | dhatêng ing Majapait | milanya kèringan | wus lami Brawijaya | adarbe putra pawèstri | mêdal ampiyan | warnane [[f. 60v]] ayu luwih || |
| 08.013 | kalokèng rat akathah satriya nglamar | sadaya sami mati | kalangkung apanas | sang putri Majalêngka | aja ta kongsi apanggih | nglamar kiwala | lagya ngraosi mati || |
| 08.014 | darbe garjak ing manah anulya pêjah | pramila sami ajrih | dadya nora krama | ênêngêna kang kocap | wontên ajar langkung luwih | gêntur tapanya | barang ciptane dadi || |
| 08.015 | trus paningal wruh sadurung winarah |[1] patapan Gunung Kawi | Parak Toyapêthak | tansah anêdha coba | wus karsane dewa luwih | wus kênèng coba | anupêna sarêsmi || |
| 08.016 | lawan endhang korud kamane ki ajar | kagyat wungu tan angling | kagugu kang supna | wau dening pratela | lawase dèrèng angimpi | sang kawisesa | namane sang atapi || |
| 08.017 | kamanira cinipta dadi gêgaran | panurat dipun ukir | naga langkung endah | ika kang saya lama | arsa galungan sang kawi | wus ngundang-undang | endhang [[f. 61r]] prasamya nakir || |
| 08.018 | ambêt-ambêt lêbu lutung samya prapta | cantrik lawan wêwasi | manguyu jêjanggan | tanapi para tuwan | pranakane samya prapti | miwah wong ngampah | wontên endhang sawiji || |
| 08.019 | wastanira Ni Rêncanakapti endah | ayu anom rêspati | bêntur tapanira | dalu anakir sira | panuratira sang yogi | ingkang tinêdha | akarya ta mas nuni || |
| 08.020 | nora suka ki ajar endhang amaksa | sinukakakên aglis | nini wêkas ingwang | poma-poma ja lirwa | sira karya ta mas nini | yèn wus amaras | panurat ingsun iki || |
| 08.021 | ja kapangku sèlèhna siti kiwala | poma nini dèn eling | ing wawêkas ingwang | yèn tan emuta sira | amasthi sira bilai | nuwun sandika | kasmaran aningali || |
46 dari 206
| 1 | Kurang satu suku kata: trus paningal wruh sadurunge winarah. (kembali) |