Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
8–9 dari 42
46–47 dari 206
457–466 dari 2.053
| 08.018 | ambêt-ambêt lêbu lutung samya prapta | cantrik lawan wêwasi | manguyu jêjanggan | tanapi para tuwan | pranakane samya prapti | miwah wong ngampah | wontên endhang sawiji || |
| 08.019 | wastanira Ni Rêncanakapti endah | ayu anom rêspati | bêntur tapanira | dalu anakir sira | panuratira sang yogi | ingkang tinêdha | akarya ta mas nuni || |
| 08.020 | nora suka ki ajar endhang amaksa | sinukakakên aglis | nini wêkas ingwang | poma-poma ja lirwa | sira karya ta mas nini | yèn wus amaras | panurat ingsun iki || |
| 08.021 | ja kapangku sèlèhna siti kiwala | poma nini dèn eling | ing wawêkas ingwang | yèn tan emuta sira | amasthi sira bilai | nuwun sandika | kasmaran aningali || |
| 9. Asmaradana | |
| 09.001 | ya ta anakir sawêngi | tansah dèn emut ing nala | ing sawêkase gurune | baya [[f. 61v]] wus karsaning dewa | sinung lali sakêdhap | punang panurat pinangku | tan antara nuli ilang || |
| 09.002 | gêgaranira puniki | ni indhang nuli kantaka | adangu sapanglilire | astanira guragapan | angucali gêgaran | ajrih dhatêng gurunipun | dening anglirkên wawêkas || |
| 09.003 | anulya atawan tangis | umatur ing gurunira | ki ajar wus wikan mangke | ature amêlasarsa | dening ta nglirakên wêkas |[1] dhuh atiwas awak ingsun | ngunjukakên pêjah gêsang || |
| 09.004 | kula anglirakên wêling | gêgaran panurat ical | sarêng kapangku ilange | kang awak langkung alupa | ki ajar mèsêm mojar | mau ingsun tutur-tutur | jêr sira nora piarsa || |
| 09.005 | anglirakên wêkas mami | iya wus karsaning dewa | sun kabeka sira mangke | kêna ngama dening sira | nulya binibisikan | amasthi wawrat sirèku | anakira mêtu lanang || |
| 09.006 | nanging nora jamak jalmi | iku [[f. 62r]: i...ku] tartantuning kuna | wong anakir pamarase | sadhengaha kang kinarya | pangot gunting sêkinga | pan ora ilok pinangku | ya iku ingkang carita || |
46–47 dari 206
| 1 | Lebih satu suku kata: dening nglirakên wêkas. (kembali) |