Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
9 dari 42
48–49 dari 206
477–486 dari 2.053
| 09.017 | yèn tan arsa sun patèni | ni rara angrasa pêjah | kiyai aja mêngkono | pinotha sun plaur pêjah | kapriye polah iwang | eman têmên wong abagus | marunggul polahe ala || |
| 09.018 | anulya dipun ecani | amrih ucula kiwala | yèn sira arsa maringong | pan ana wong tuwaningwang | lan sadulur ngong lanang | têmbungên mring wismaningsun | ki satriya nora arsa || |
| 09.019 | kewuhan gêtun ing ati | de weya datanpa rowang | uculêna awak [[f. 63v]: awa...k] ingo[1] | ingsun warahe si rama | miwah ibu lan kadang | sakêdhap sun nuli wangsul | ing kene sira ngantia || |
| 09.020 | apa têmên jarerèki | iya têmên antènana | iya ja cidra ujare | wus inguculkên ni rara | dènnya masuh tinilar | kang rama ibu wus wêruh | putranira kênèng beka || |
| 09.021 | Bandung arènira lami | mring bèji norana prapta | esuk kongsi bêdhug mangke | enggal Bandung anusula | Ki Bandung sigra-sigra | nulya arine kapêthuk | tawan tangis ngrakul raka || |
| 09.022 | iku tartantune malih | ila-ila jar wong kuna | tan ilok ujar wong make[2] | parawan maring patirtan | ja sêpi ngajak rencang | parawan kèh bekanipun | wus tinutur purwanira || |
| 09.023 | Ki Bandung sangêt aruntik | apa rupanèku baya | amajanani kadange | wis yayi banjur muliha | ingsun ambanjur arsa | amarani wong kang punggung | Ki Bandung age panggiha [[f. 64r]] || |
| 09.024 | sarêng samya aningali | ki satriya narik criga | wus angrasa ing dosane | Ki Bandung nging karo tangan | suka ingsun ruwata | tinarajang dipun suduk | wali-wali nora pasah || |
| 09.025 | angur watu kêna gigrig | ki satriya dipun candhak | tan obah kêna baune | wus riniwus dipun bakta | katur mring ramanira | ki ajar pan sampun wêruh | ing satingkah polahira || |
| 09.026 | ingapura sira nuli | pinanggihakên lan putra | ki ajar wruh yèn jodhone | tutug dènnya palakrama | nulya kinèn têtapa | rabinira atut pungkur | dhadhêkah wontên Sijaya || |
48–49 dari 206
| 1 | ingong. (kembali) |
| 2 | mangke (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.22.3). (kembali) |