Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 42
49–50 dari 206
489–498 dari 2.053
09.029 sawêwêkas ingsun kaki | masthi ruwat tur awirya | yèn nyalimpang ujar ingong | wêwah duraka tur papa | kapriye putraningwang | sandika ture Ki Bandung | hèh kaki ingsun atêtdah[1] ||
09.030 rêp ruwat warnane rèki | kaki sira ngawulaa | mring Majapait sang katong | besuk sira olèh karya | tur ruwat warnanira | tinariman putri ayu | sida tămpa wurung tămpa ||
09.031 poma kaki wêkas mami | putri iku luwih panas | mung sira kang kêlar mangke | wus tinutur purwanira | kaki ing benjang sira | lan putri sêlamêt têmu | yèn sira rêp tutug wirya ||
09.032 ing dalêm sawêngi kaki | ja turu ja nunggal nedra[2] | kilêmana ing dagane | ing dalêm sawêngi bapa | anaa paran-paran | aja obah wêkas ingsun | kabèh-kabèh [[f. 65r]: kabè...h-kabèh] iku beka ||
09.033 yèn sira kêlar sawêngi | masthi tutug kaki sira | yèn tan kêlar papa mangke | wis kaki sira mentara | dèn emut wêkas iwang | Ki Bandung nulya asujud | amit dhatêng ingkang rama ||
09.034 tan kawarna kang lumaris | wus prapta ing Majalêngka | Ki Bandung jinujug mangke | Ki Apatih Gajahmada | arsa ngawulèng nata | katarima aturipun | ginadhuhkên Gajahmada ||
09.035 ya ta miyos sri bupati | pêpak abdining amănca | pra mantri prajurit kabèh | Gajahmada anèng ngarsa | ngandika Brawijaya | Gajahmada sapa sanggup | mring nagara Pajajaran ||
09.036 padha sadina sing ngriki | sapa ta ingkang sanggupa | datan ketang tanbuh wonge | cukit adulit akumbah | sarakah cêcekelan | longan bale yèn asanggup | arabia putriningwang ||
09.037 layyan sasigar nagari | lawan sun [[f. 65v]: su...n] paringi wênang | jumênênga prabu anom | umaha saloring pasar | nabuha barêng sasanga |[3] sadaya norana sanggup | sakèh mantri Majalêngka ||
09.038 samya atur pati urip | sirêp norana turira | Ki Bandung anèng wurine | Gajahmada jawil sira | sanggup anglampahana | nulya Gajahmada matur | punika wontên sanggupa ||
49–50 dari 206

 


atêdah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.29.7). (kembali)
nendra. (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: nabuh barang sinonga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.37.5). (kembali)