Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 42
50–51 dari 206
495–504 dari 2.053
09.035 ya ta miyos sri bupati | pêpak abdining amănca | pra mantri prajurit kabèh | Gajahmada anèng ngarsa | ngandika Brawijaya | Gajahmada sapa sanggup | mring nagara Pajajaran ||
09.036 padha sadina sing ngriki | sapa ta ingkang sanggupa | datan ketang tanbuh wonge | cukit adulit akumbah | sarakah cêcekelan | longan bale yèn asanggup | arabia putriningwang ||
09.037 layyan sasigar nagari | lawan sun [[f. 65v]: su...n] paringi wênang | jumênênga prabu anom | umaha saloring pasar | nabuha barêng sasanga |[1] sadaya norana sanggup | sakèh mantri Majalêngka ||
09.038 samya atur pati urip | sirêp norana turira | Ki Bandung anèng wurine | Gajahmada jawil sira | sanggup anglampahana | nulya Gajahmada matur | punika wontên sanggupa ||
09.039 têtiyang kang magang wingi | gih pun Bandung wastanira | lah dèn parèng ngarsa kene | apa sira kang sanggupa | marang ing Pajajaran | padha sadina turipun | inggih yèn watên[2] timbalan ||
09.040 sampun siyang nadyan latri | kawula darmi lumampah | iya lumakua age | sebaa marang yayi mas | ingsun sira pundhutna | wêwinèh mring yayi prabu | anuwun nêmbah wus mêsat ||
09.041 lampahe mêdal pasisir | êlèr Pajajaran prapta | lagya tinangkil sang rajèng | miwah [[f. 66r]] ingkang asewaka | kagyat andulu kang prapta |[3] katur tinimbalan rawuh | umatur Bandung anêmbah ||
09.042 kawula ngutus raka ji | Brawijaya Majalêngka | kinèn amundhut wêwinèh | ya matura kakang nata | wis êntèk kurang gancang | iki mung kari sabumbung | lah ênya sira gawaa ||
09.043 Ki Bandung sampun atampi | punapa isining manah | bilih mênawi tinakèn | hèh duta ja salah karya | si kakang wus uninga | têka turna dèn agupuh | mênawa sêlak luwaran ||
09.044 Ki Bandung mêsat sing ngarsi | mêdal kidul sigra-sigra | mêdal pasisir lampahe | samarga sangu was-uwas | mênawa tinakenan | ayun bikuka[4] kang bumbung | apa ta isine baya ||
50–51 dari 206

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: nabuh barang sinonga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.37.5). (kembali)
wontên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.39.7). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: kagyat na duta prapta (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.41.5). (kembali)
binuka (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.44.6). (kembali)