Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
9 dari 42
51–52 dari 206
502–511 dari 2.053
| 09.042 | kawula ngutus raka ji | Brawijaya Majalêngka | kinèn amundhut wêwinèh | ya matura kakang nata | wis êntèk kurang gancang | iki mung kari sabumbung | lah ênya sira gawaa || |
| 09.043 | Ki Bandung sampun atampi | punapa isining manah | bilih mênawi tinakèn | hèh duta ja salah karya | si kakang wus uninga | têka turna dèn agupuh | mênawa sêlak luwaran || |
| 09.044 | Ki Bandung mêsat sing ngarsi | mêdal kidul sigra-sigra | mêdal pasisir lampahe | samarga sangu was-uwas | mênawa tinakenan | ayun bikuka[1] kang bumbung | apa ta isine baya || |
| 09.045 | tutup bumbung dèn ulapi | dyan sakutu walang taga | mapan mêdal sarêng brole | gancang nulya tinutupan | gêgêtun manahira | iki wong lirwa [[f. 66v]: lir...wa] ing wuwus | bumbung jinunjung pan anthang || |
| 09.046 | wona ika dèn wastani | ing Barabol aranira | karsane matur tiwase | Ki Bandung sampun lumampah | maksih manah tan eca | bilih têlas sining bumbung | nulya tutupe binuka || |
| 09.047 | sawarnining buron mijil | sarêng saining wona |[2] gancang tinutupan age | nyananingsun ta wis têlas | iki luwih akathah | jinunjung ènthèng kang bumbung | iki baya têlas pisan || |
| 09.048 | lan kumênthung syaranèki | sun bakta kinarya tăndha | ja pinaido tur ingong | kinarya têkên lumampah | tutupira binucal | kalêsyan raryan Ki Bandung | bumbung winalik tinuntak || |
| 09.049 | kagyat sarêng mêdal malih | sakutuning walang taga | sakalangkung dening kèhe | lajêng tinitingkên pisan | iki baya wus têlas | kênthang-kênthung punang bumbung | kinarya têkên lumampah || |
| 09.050 | mèh dungkap prapta nêgari | mangkana ciptaning [[f. 67r]: cipta...ning] driya | mirang bakta bumbung bae | angur si ingong buwanga | mapan yaktine ana | nulya pinêcah kang bumbung | kagyat glar samya lumayya || |
| 09.051 | saisine ing wanadri | langkung dening maksih kathah | Ki Bandung gêtun manahe | iki ingsun karya tăndha | sêdhêng yèn cinangkraman | nora sayah wong lumaku | saking nagri Majalêngka || |
51–52 dari 206
| 1 | binuka (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.44.6). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sarêng saisining wana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.47.2). (kembali) |