Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
9 dari 42
52 dari 206
511–520 dari 2.053
| 09.051 | saisine ing wanadri | langkung dening maksih kathah | Ki Bandung gêtun manahe | iki ingsun karya tăndha | sêdhêng yèn cinangkraman | nora sayah wong lumaku | saking nagri Majalêngka || |
| 09.052 | lampahan sapêcat rakit | lampahe Bandung wus prapta | maksih sineba sang katong | Ki Bandung sowan ing ngarsa | kagyat sakèh tumingal | dhuh alah jim Ki Bandung |[1] lampahe sakêdhap netra || |
| 09.053 | baya ta bali ing margi | ijab dohe nuli prapta | pantês wong kinêthok dhase | angandika sri narendra | hèh Bandung sira prapta | olèh sira ingsun utus | angsal sasat botên angsal || |
| 09.054 | kapriye jarwaa inggih | dhatêng kula Pajajaran | lagya sineba ri kato[2] | katur wling lampah [[f. 67v]: lampa...h] kula |[3] têlas kang pangandika | kasèp nging binaktan bumbung | kin ngèturkên panduka |[4]| |
| 09.055 | isine tan dèn jawarni[5] | ămba nungsung tan winartan | saking awon ba kinèngkèn | bok dinangu ayun wruha | katur purwa wêsana | Brawijaya langkung bêndu | garoh[6] Bandung lakunira || |
| 09.056 | kacèlu arabi putri | ala têmên kaya sira | anulya karsa pinatèn | sumăngga nging nuwun priksa | kêdah dèn yêktènana | yèn tan wontên nyinanipun | sumăngga pêjah kawula || |
| 09.057 | anulya dipun yaktèni | yaktos tan garoh turira | suka katarima mangke | anulya nata cangkrama | nênupu langkung suka | angandika sang aprabu | Bandung kapalang ing karsa || |
| 09.058 | tan kuningan nini putri | miwah pramèswarèningwang | kabèh têkakêna kene | sarupane buron wona | têkaa ing nagara | nini putri ayun wêruh | iku pamundhute uga || |
| 09.059 | yèn tan têkaa amasthi | wurung panggih sida pêjah | sandika Bandung [[f. 68r]: Ba...ndung] ature | cinipta anulya prapta | kagyat sri naranata | de sarta parantènipun | urung-urung praptèng pura || |
| 09.060 | kondur nata manjing puri | garwa putra wus binakta | mijil acangkrama mangke | kalangkung dening asuka | putra garwa sadaya | wus wanêh kondur ngadhatun | lajêng anari kang putra || |
52 dari 206
| 1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dhuh alah ênjim [êjim] Ki Bandung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.52.6). (kembali) |
| 2 | katong (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.54.3). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: katur wêling lampah kula (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.54.4). (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kinèn ngaturkên paduka (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.54.7). (kembali) |
| 5 | jarwani (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.55.1). (kembali) |
| 6 | goroh (dan di tempat lain). (kembali) |