Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
9 dari 42
52–53 dari 206
515–524 dari 2.053
| 09.055 | isine tan dèn jawarni[1] | ămba nungsung tan winartan | saking awon ba kinèngkèn | bok dinangu ayun wruha | katur purwa wêsana | Brawijaya langkung bêndu | garoh[2] Bandung lakunira || |
| 09.056 | kacèlu arabi putri | ala têmên kaya sira | anulya karsa pinatèn | sumăngga nging nuwun priksa | kêdah dèn yêktènana | yèn tan wontên nyinanipun | sumăngga pêjah kawula || |
| 09.057 | anulya dipun yaktèni | yaktos tan garoh turira | suka katarima mangke | anulya nata cangkrama | nênupu langkung suka | angandika sang aprabu | Bandung kapalang ing karsa || |
| 09.058 | tan kuningan nini putri | miwah pramèswarèningwang | kabèh têkakêna kene | sarupane buron wona | têkaa ing nagara | nini putri ayun wêruh | iku pamundhute uga || |
| 09.059 | yèn tan têkaa amasthi | wurung panggih sida pêjah | sandika Bandung [[f. 68r]: Ba...ndung] ature | cinipta anulya prapta | kagyat sri naranata | de sarta parantènipun | urung-urung praptèng pura || |
| 09.060 | kondur nata manjing puri | garwa putra wus binakta | mijil acangkrama mangke | kalangkung dening asuka | putra garwa sadaya | wus wanêh kondur ngadhatun | lajêng anari kang putra || |
| 09.061 | asangêt sang dyah tan apti | Si Bandung tan jamak jalma | amis abacin ambune | kaya priye ucap nata | nini sun wirang dewa | inggih rama ji ba ayun | mring Bandung dikaryakêna || |
| 09.062 | sagaran jêmbar jro puri | siji kalangênan jaba | dipun asami warnane | miwah ta ingkang pancuran | padusan dhawak-dhawak | măncawarna karsa ulun | rama ji ingkang satunggal || |
| 09.063 | ibu sori kang sawiji | sawiyos padusan ămba | siji padusane dhewe | sawiyos ingkang padusan | sakèh wong dalêm pura | ămba lumuh ngong prih wurung | dadosa [[f. 68v]: da...dosa] sami sadina || |
| 09.064 | sri bupati wus andugi | nulya Bandung dhinawuhan | tur sêmbah sandika ture | Ki Bandung ngrosa ing nala | winratan jêjalukan | jarag ruwata wak ingsun | anulya nyipta wus dadya || |
52–53 dari 206
| 1 | jarwani (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.55.1). (kembali) |
| 2 | goroh (dan di tempat lain). (kembali) |