Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9–10 dari 42
53–54 dari 206
522–531 dari 2.053
09.062 sagaran jêmbar jro puri | siji kalangênan jaba | dipun asami warnane | miwah ta ingkang pancuran | padusan dhawak-dhawak | măncawarna karsa ulun | rama ji ingkang satunggal ||
09.063 ibu sori kang sawiji | sawiyos padusan ămba | siji padusane dhewe | sawiyos ingkang padusan | sakèh wong dalêm pura | ămba lumuh ngong prih wurung | dadosa [[f. 68v]: da...dosa] sami sadina ||
09.064 sri bupati wus andugi | nulya Bandung dhinawuhan | tur sêmbah sandika ture | Ki Bandung ngrosa ing nala | winratan jêjalukan | jarag ruwata wak ingsun | anulya nyipta wus dadya ||
09.065 kalangênan punang bèji | pêpak pêthetan sêkaran | asri tinon gapurane | apa ingkang nora nana | sami jro lawan jaba | pancurane muncar-mancur | sampun katur Brawijaya ||
09.066 anulya dèn cêngkrami |[1] garwa putra myang wong pura | ngambil sêkar wowohane | tanapi cêngkrama ulam | nulya sami asiram | lêlumban samya mêrau | wus wanuh samya luwaran ||
09.067 angandika sri bupati | nini sira lakonana | sun wirang ing dewa mangke | sapanjalukmu tinêkan | sang dyah sangêt lênggana | kantun sawiyos ngong jaluk | sri nata de karyakêna ||
10. Sinom
10.001 candhi sèwu dèn sampuna | dadine sarêng sawêngi | esuk anuli [[f. 69r]: anu...li] panggiha | nulya Bandung dèn dhawuhi | putêk rasaning ati | ngrasa sakit manahipun | dening kaliwat-liwat | ala ragane tinampik | ayun mundur tanggung angur si pêjaha ||
10.002 Bandung umatur sandika | nulya kesah sangu brangti | karsane mantuk aseba | ing rama anuwun idi | kinèn amêmanuki | ing sapolahe Ki Bandung | manawa tan katêkan | Ki Bandung kinèn matèni | kawarnaa Ki Bandung sowan ing rama ||
10.003 anangis nungkêmi pada | ki ajar ngandika aris | pa gene sira karuna | apajara marang mami | matur sapolahnèki | purwa wêsana wus rampung | ki ajar mèsêm ngucap | aja sira pajar kaki | ingsun wêruh sapolahira ngawula ||
10.004 abangêt dèn aniayya | wong lumuh arsa ngayoni | kaki têka lampahana | iki wêkasira urip | kaki sapisan iki | bekanira putraningsun | jamake wong awirya | tinuku lara [[f. 69v]] prihatin | wong agêdhe bêgjane gêdhe bekanya ||
53–54 dari 206

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: anulya dèn cangkramani (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.66.1). (kembali)